Tansah ana.
Donga sumengko ing angkasa.
Miyak wengi-wengi sepi. Nothok korining Gusti.
 *
Tansah ana.
Kidung tresna lumantun saka ati papa.
Anembrama ing samudra nglangut.
Nlusuri gisiking sepi.
 *
Tansah ana.
Rasa kangen sumumpel ing dhadha.
Ana ngendi dunungmu mitra.
Pengin sliramu ana sisihku wektu iki.
Anyekseni prastawa kang lagi lumaksana.
 **
Terjemahan oleh Indria Salim
Selalu ada.
Doa terpanjatkan ke angkasa.
Membuka tabir gelap malam-malam sepi.
Aku mengetuk pintu-Mu, Tuhan.
*
Selalu ada.
Kidung cinta alunan hati merindu.
Hati mendamba, melantun jerit di samudra rindu .
Menelusuri tepian sunyi.
*