Geguritan;
Ana kuwung
Isuk-isuk ana kuwung neng sisih kulon
Abang, ijo, kuning lan maneka warnane
Njilit ayu banget.
Isuk-isuk udan
Grimis riwis riwis
Nanging srengenge metu mencorong
Kuwung keton neng kadohan.
Ana kuwung ayu banget
Jare simbah kuwi tandane ana bidadari lagi siram
Kuwung mlengkung gawe endahing wayah isuk
Seger tur nyenengake.
Saben ana udan pan srengenge metu bebarengan
Mesti ana kuwung
Saben ana kesusahan mesti bakal ana kasenengan.
Ana kuwung ing wayah isuk
Ciptaane Gusti Kang Murbeng Dumadi
Ngelingake wong kudu tansah bersyukur
Bangeting endahe alam dunyo iki.
Ana kuwung
Maneka warna
Gawe wong bahagia
Urip nang dunya kudu bisa gawe kabecikan
Urip bakal warna warni kaendahane.
Vera Shinta KBC-26
KomBes Brebes Jateng