Raden Pandhan Arang asale saka Kasultanan Demak
Dheweke nyebarake agama Islam, ing dhaerah kang ora adoh saka Demak
Dhaerahe subur banget
Ing kono uga akeh santrine.
Wong kang padha dagang uga akeh.
Papan mau saya reja.
Sawijining dina, Raden Pandhan Arang lan santrine nemoni kedadeyan sing aneh.
Ana wit asem kang uwohe arang-arang.
Kamangka papan mau subur.
Raden Pandhan Arang banjur ngendika:
Papan iki dakjenengake Semarang.
Minangka cikal bakal Semarang.
Raden Pandhan Arang banjur dijumengake dadi Adipati kapisan ing Semarang.
Kapethik saka : Wasita Utama Basa Jawa 2, kaca 84-85
Sumber:Â
Yatmana, Sudi, dkk. 2016. Aku Bisa Basa Jawa 2 Kelas II SD/MI. Jakarta: Yudhistira
Yudistira. 2009. Kumpulan Cerita rakyat Nusantara. Surakarta: ITA Surakarta