Mohon tunggu...
Fajar Laksana
Fajar Laksana Mohon Tunggu... Freelancer - Founder Jawasastra Culture Movement

Wingi aku weruh, mula aku aweh wewarah. Saiki aku winarah, wayahe nitipriksa pribadhi wantah

Selanjutnya

Tutup

Beauty

Ada Cinta di Dalam Tragedi Tali Kutang

1 Desember 2019   19:19 Diperbarui: 1 Desember 2019   19:18 60
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Wanita Jawa sing jaman semana duwe telung pilihan kanggo nutupi dadane akhire mung duwe sak pilihan thok. Yaiku nganggo BH. Kahanan kaya mengkono banjur kelakon tekan seprene. 

Emane para wanita penggerak No Bra kuwi uga kleru. Jalaran ora nerapake konsep sandhangan tradisi. Tinimbang mentahan ngakon wanita Indonesia, utamane Jawa, supaya ninggal BH sing konsep Barat banget. Mbok ya ngampanyekake penganggo kemben meneh. 

Nyamane Tresna lan BH

Cak Diqin pancen joss. Lagu sing judhule Tali Kutang ora bisa dieyeli menawa lagu sing tragis banget. Posisi BH sajroning lagu adoh saka pikiran saru, sing ana mung tulusing katresnan uga pasrahing rasa marang Gusti. 

Miturut lagu, diceritakake anane cerita wong lanang sing ngewenehi tali kutang utawa kutang marang wanita pujaning ati. Embuh ngapa kok tukune tali kutang lan kenapa sing regane mung nem ewu.

Wong lanang kuwi mau duwe motif macem-macem kena ngapa akhire nukokne kutang sing murah. Siji, bisa amerga ra duwe dhuwit. Loro, bisa karana pancen dikon sing wedok. Telu, dheweke ora ngerti babagan kutang babar blas dadi olehe tuku angger wae utawa sakkecandhake.

Cilakane sing wedok, ing njero lagu, meneng-meneng dijodhohake bapake. Kanthi kepeksan tali kutange dibalekake marang sing lanang. Nek kasuse sing wedoke ya rada aneh. Kena ngapa kudu dibalekake? Apa mung amerga dheweke dijodhohake? Umpama tetep disimpen lan dinggo dhewe kan jane ora masalah. Tur kutange ya ora mungkin ana tulisan jenenge sing lanang ta?

Iki sing wedoke pancen mencurigakan. Mesthine senadyan dijodhohake dening bapake, tali kutang sing diwenehi tetep disimpen wae. Bisa diarani menawa sing wedok duwe masalah karo BH sing diwenehi sing lanang. Sajake tali BH ne rada ora pas, embuh kegedhen embuh keciliken. Cethane nalika dinggo sing wedok ora nyaman.

Dadi pitakonan meneh, sakwise dibalekake, sing lanang malah muni, tali kutang iki tak simpen tekane pati tali kutang wujud tresnaku kang suci. Nek wis muni ngono rak tegese mung siji. BH ne sempet dijajal sing wedok! Ora mungkin disimpen tanpa ana motif liya. Regane wae mung nem ewu.

Saka tembang kuwi awak dhewe bisa ngarani menawa BH mau sakjane minangka sumbere rasa nyaman sajroning hubungan. Punjering perkara dudu amerga sing wedok dijodhohake, nanging BH sing dibalekake. BH sing nyaman cetha ora bakal dibalekake. Selaras kalawan hubungan nyaman ora mungkin dipedhotake. Masiya dijodhohake, mesthi mbelani kekasihe.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Beauty Selengkapnya
Lihat Beauty Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun