Mohon tunggu...
Fajar Laksana
Fajar Laksana Mohon Tunggu... Freelancer - Founder Jawasastra Culture Movement

Wingi aku weruh, mula aku aweh wewarah. Saiki aku winarah, wayahe nitipriksa pribadhi wantah

Selanjutnya

Tutup

Beauty

Ada Cinta di Dalam Tragedi Tali Kutang

1 Desember 2019   19:19 Diperbarui: 1 Desember 2019   19:18 60
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Nalika BH Dadi Lambang Katresnan lan Kenyamanan

Konsep donya jaman saiki, utamane sing ana ing Jawa, wis beda karo jaman dhisik. Biyen BH kuwi dianggep penting, tujuwane ya ben nutupi perangane dada wanita lan supaya ora pating klewar-klewer. Nanging, anyar-anyar iki wis akeh gerakan-gerakan anti BH. Tegese emoh nganggo BH. Alesane ana macem-macem, ana sing amerga mikiri kesehatan uga ana sing mikiri bab kamardikane wanita. Ya sah-sah wae, ora ana sing salah.

Senadyan BH wis wiwit ora digagas dening wanita kutha sing wis dhong bab kesehatan lan panemu kebebasan, tetep wae ing akeh daerah ora sithik wanita sing ora bisa ucul saka BH. Apa meneh, para wong tuwa ya ngulinakne anak putrine menawa wis cukup umur supaya nganggo BH.

Konon, sejarahe BH kuwi dawa banget. Ana sing muni nek BH wis dinggo dening wong-wong Mesir. Nanging sing cetha BH lagi munggah saka tlatah Biru Eropa. Muncul ing Prancis banjur sumrambah tekan ngendi-ngendi bebarengan karo praktek kolonialisme.

Wong Eropa biyen sedurunge nganggo BH sing dikenal ya korset. Kurang luwih kaya bebetan kain sing bisa diratepi neng sakawak. Mula cewek Eropa jaman semana awake langsing. Nanging pakulinan nganggo korset mau ana resikone, yaiku dislokasi organ. Kasarane lambungmu utawa ususmu utawa jantungmu bisa kegeser amerga kerapeten olehe korsetan.

Wanita Jawa Kelangan Kamardikan?

Wong Eropa grudugan ngganti korset dadi BH jalaran pengin ngelongi rasa lara. Saka korset sing nyiksa digangi BH sing sakorane luwih penak nalika dinggo. Apa meneh regane luwih murah tinimbang korset, kajaba BH sing bahane saka emas sepuluh karat!

Ing Jawa dhewe sing kedaden malah sewalike. Wanita Jawa jaman semana mung duwe telung pilihan bab njaga awake, nek ora nganggo blebetan kain ing bagiyan susu thok ya nganggo kemben, nek ora ngono kepeksane ya ote-ote utawa muda dhuwuran. Masalah? Ya ora. Buktine durung ana kajian sing cetha ngomongake bab pemerkosaan amerga wanita Jawa olehe klamben ora pepak. Bener ora?

Umpama dipikir, wong lanang jaman semana rak wis kebacut kulina nyawang wong wadon sing uda dhuwuran ta? Awit saka kulinane ya ora duwe pikiran aneh-aneh. Wong wujude ya ngono-ngono wae.

Nalika Landa mlebu, jebul wong Landane ora bisa nerimakake. Sajake amerga ing Eropa kana ora ana pakulinan wong wedok sing uda dhuwuran. Mula wong Landane ora nyaman disuguhi kearifan lokal wanita Jawa jaman semana. Alesane wong Landa, ora patut wanita mamerka dada. Banjur sithik baka sithik BH dikenalake marang wong wadon Jawa.

Wiwit saka kedadeyan kuwi, pikirane wanita Jawa wis kelebon konsep sopan santune Landa. Yaiku wong wedok ya kudu nganggo BH. Kamangka ing Islam dhewe prentahe mung wanita dikon nutupi awake, Islam ora ngakon nganggo BH. 

Wanita Jawa sing jaman semana duwe telung pilihan kanggo nutupi dadane akhire mung duwe sak pilihan thok. Yaiku nganggo BH. Kahanan kaya mengkono banjur kelakon tekan seprene. 

Emane para wanita penggerak No Bra kuwi uga kleru. Jalaran ora nerapake konsep sandhangan tradisi. Tinimbang mentahan ngakon wanita Indonesia, utamane Jawa, supaya ninggal BH sing konsep Barat banget. Mbok ya ngampanyekake penganggo kemben meneh. 

Nyamane Tresna lan BH

Cak Diqin pancen joss. Lagu sing judhule Tali Kutang ora bisa dieyeli menawa lagu sing tragis banget. Posisi BH sajroning lagu adoh saka pikiran saru, sing ana mung tulusing katresnan uga pasrahing rasa marang Gusti. 

Miturut lagu, diceritakake anane cerita wong lanang sing ngewenehi tali kutang utawa kutang marang wanita pujaning ati. Embuh ngapa kok tukune tali kutang lan kenapa sing regane mung nem ewu.

Wong lanang kuwi mau duwe motif macem-macem kena ngapa akhire nukokne kutang sing murah. Siji, bisa amerga ra duwe dhuwit. Loro, bisa karana pancen dikon sing wedok. Telu, dheweke ora ngerti babagan kutang babar blas dadi olehe tuku angger wae utawa sakkecandhake.

Cilakane sing wedok, ing njero lagu, meneng-meneng dijodhohake bapake. Kanthi kepeksan tali kutange dibalekake marang sing lanang. Nek kasuse sing wedoke ya rada aneh. Kena ngapa kudu dibalekake? Apa mung amerga dheweke dijodhohake? Umpama tetep disimpen lan dinggo dhewe kan jane ora masalah. Tur kutange ya ora mungkin ana tulisan jenenge sing lanang ta?

Iki sing wedoke pancen mencurigakan. Mesthine senadyan dijodhohake dening bapake, tali kutang sing diwenehi tetep disimpen wae. Bisa diarani menawa sing wedok duwe masalah karo BH sing diwenehi sing lanang. Sajake tali BH ne rada ora pas, embuh kegedhen embuh keciliken. Cethane nalika dinggo sing wedok ora nyaman.

Dadi pitakonan meneh, sakwise dibalekake, sing lanang malah muni, tali kutang iki tak simpen tekane pati tali kutang wujud tresnaku kang suci. Nek wis muni ngono rak tegese mung siji. BH ne sempet dijajal sing wedok! Ora mungkin disimpen tanpa ana motif liya. Regane wae mung nem ewu.

Saka tembang kuwi awak dhewe bisa ngarani menawa BH mau sakjane minangka sumbere rasa nyaman sajroning hubungan. Punjering perkara dudu amerga sing wedok dijodhohake, nanging BH sing dibalekake. BH sing nyaman cetha ora bakal dibalekake. Selaras kalawan hubungan nyaman ora mungkin dipedhotake. Masiya dijodhohake, mesthi mbelani kekasihe.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Beauty Selengkapnya
Lihat Beauty Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun