Tomin manthuk karo ngrangkul bapake, njaluk gendong. Arek cilik iku mau pingin melu bapake rapat ning ora oleh karo emake.
"Enak?"
"Enak lah."
Diman sing nggendong anake lungguh ngedep bojone sing lagi ngenakno mangan. Raine Wiji kemringet. Wong wedok iku kepedesen sambel gaweane dhewe.
"Sampek ngko ngentat-ngentut tak samblek bokongmu."
"Lha lapo, wong ngentut kok gak oleh."
Seneng mangan pedes, Wiji yo kerep lara weteng, mules. Biasane bengi wayahe turu ngentat-ngentut trus lek wis nemen kepising. Ora kroso Tomin nang gendongane Diman merem, turu. Wong lanang iku nelehno anake nang kasur. Wiji sing wis mari mangan, ketok sik umek.
Ngeloni anake, Diman akhire melu keturon. Jam sepuluh wong lanang iku nglilir. Anake sik angkler lek turu ning bojone ora ketok. Ngising mesti, batine. Kroso nguyuh, Diman akhire tangi. Wong lanang iku kaget pas ndelok bojone lagi lungguh nang mejo makan. Penasaran, Diman mlaku alon nyedeki bojone.
Mari ngerti opo sing lagi dilakoni bojone, Diman sing mau kroso nguyuh akhire mbalik nang kamar. Sepuluh menitan bojone nyusul ngletak.
"Gak iso turu?"
"Nglilir," saure Diman.