"Menungso ki aneh. Urip ning koyok wong mati."
Nang warung kopi Cak Rahmad, isuk iki wis rame. Tukang becak, buruh bangunan, sales keliling, ono ugo wong kantoran sing lagi ngenakno ngopi nang warunge. Ora nggumun mergo sing nduwe warung resikan. Masio ta mung nang pinggir embong, ning Cak Rahmad pinter noto warunge. Uwit talok sing akeh buahe nambah adem warung kopi ning kutho sing terkenal panas iku.
"Yok opo iku maksude, Cak?"
Sing ditakoni ora langsung nyauri, Cak Man, iku jenenge, nyandak kopine trus disruput.
"Uripe saiki ning sing dipikir ngko lek mari mati."
"Kan kene lek mati yo gak mati, Cak, onok urip maneh sing abadi. Jare..."
"Jare."
Toni meneng, sales obat iku melu nyruput kopine.
"Urip ki dilakoni, opo sing onok saiki. Lek pingin seneng, bahagia, yo usaha saiki. Gak kok, 'Gak popo saiki rekoso, penting mene mari mati oleh prawan limo', gendeng."
Cak Rahmad sing ngrungokno mung mesem. Wong lanang sing mau rame jagongan dhewe malih rodo anteng, melu ngrungokno omongane wong lanang umur seketan taun iku.
"Golek duit isuk bengi ditabung, dingge tuku omah, lemah, dijaluki anake jare gak nduwe duit. Dingge mene. Lha mene kapan? Emang lek mati iso digowo?"