Mohon tunggu...
M. Edy Sunarto
M. Edy Sunarto Mohon Tunggu... profesional -

Jawa asli, masa kecil & sekolah di Jawa Timur. Be cheerful. edysmartpro@gmail.com

Selanjutnya

Tutup

Dongeng

Balada Kasdut, Dongeng Jawi

30 Januari 2016   13:06 Diperbarui: 30 Januari 2016   13:14 113
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Kasdut mangkel tenan karo kucing ingon-ingone Karmi, bojone. Saben dinane si kucing mau malah sing, dipangku-pangku, dielus-elus, dikeloni. Dheweke sing jejer bojo malah ora nate digatekke. Mungguh terus terang, dheweke serik ati & cemburu berat karo kucing kuwi....

Sawijining dino pasaran Karmi pamitan lungo neng pasar koyo adat saben saperlu dodolan mracang.

"Aku lungo pasar dhisik yo kang," ujare nyang sing lanang, sing njuk diwangsuli Kasdut cekak aos.

"Yo kono... Sing ati-ati.."

 

Bareng Karmi lungo, Kasdut gemregah nyekel njuk ndhekep kucinge digowo mlaku watoro 10 km adohe. Neng tengah bulak adoh lor adoh kidul, kucing diculke neng pinggir dalan. Ditinggal.


 

Kasdut mlebu pager omah mesam-mesem mertandhakke bungahe ati. Kocap bareng mbukak lawang ngarep omah.... 

Mak jegagik!!!

Kucinge jebul wis tekan omah luwih dhisik malah lagi nglaras mangan gereh... 

 

Kasdut gregeten tenan, kucing dicandhak, dilebokne karung goni, dipanggul digowo metu maneh. 

Murih ojo kasek si kucing nemokke maneh dalan bali, Kasdut gelis ngulur nalar. Ketemu!!!

 

Saiki emoh mertanggung, lakune sengojo diputer-puterke, mlebu gang, nyabrang kali, liwat kebon, dalan gedhe, dalan cilik,

pokoke mumet-met......nganti tekan pereng jurang... 

Niti suwene lan rancage laku, tur ambekan wis menggeh-menggeh, dhengkul yo wiwit kroso prasasat arep copot, mungguh arep dietung, ora kurang 20an km adohe soko omah.

 

Sinambi slonjor karo geger sendhen wit kapuk randhu, tali nggo nyancang karung diudhari njuk kucinge ditokke. Karepe si kucing ngalem lan njaluk dipangku, malah karo ulat sengol digusah Kasdut. 

"Nyingkrih nyingkriho," Kasdut mbatin. "Naahh... Saiki kowe ora bakalan bisa bali cing... Rasakno kono!!" 

 

Kasdut marem banget atine..... Sawise iku, mak lesss..... Kasdut keturon soko kekuras tenagane. Kekeselan awake. 

 

Bareng nglilir kegugah gantine swasono, srengenge wis angslup. Gragapan Kasdut menyat ngadeg, ngrumangsani dheweke adoh paran. Arep miwiti jumangkah mlaku dadi bingung dhewe, ngarah endi?

Grayah-grayah sak ndudut ponsel. Nelpun sing wedok.

 

Kasdut: "mBokne... kowe wis bali ko pasar yo mestine??"

Karmi: "Ya wis kawit mau to pak. Bapak ra neng omah ki gek nyang ngendi?"

 

Kasdut: "Neng paran, mbuh pernahe neng ngendi. Kucingmu ono opo ora?"

Karmi: "Yo ono, lha kae to..... Lagek angler mlungker ngarep tivi..."

 

Kasdut: "Ndang digugah.. trus ajaken gelis nuduhke dalan mapag bapak..."

Karmi: "Lhaa... Ngopo to kang kok kudu ngono? Si kakang lelungan salumrahe yo paham ngendi sing dituju, mengkono ugo titen dalan baline, yo eling..."

 

Kasdut: "Kuwi yen salumrahe to mbokne, wong iki seje."

Karmi: "Seje piye to pak?"

 

Kasdut: "Wis to, ojo kesuwen. Selak wengi opo pengen bojomu entek nggo bancakan dhanyange jurang kene po? Tenan lho, iki aku neng pereng jurang wates alas."

Karmi: "Yo ra bakal to pak bojomu kok arep negakne kowe. Ningo aku njuk kudu piye?"

 

Kasdut: "Ajaken kucingmu ben nuduhke nyang kowe dalane mapag aku. Apal kok mesti dheweke mau baline ngomah lewat ngendi..... Aku malah sing kesasar!!!"

 

-----oo0O0oo-----

 

Nuwun idene yo dik ATunggulB_30/

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Dongeng Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun