Mohon tunggu...
Mas Nawir
Mas Nawir Mohon Tunggu... Wiraswasta - Wiraswasta/Penulis lepas

Vlogger Blogger Youtuber

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Cerpen | Legenda Ande-ande Lumut

22 Februari 2020   00:18 Diperbarui: 22 Februari 2020   00:17 1345
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kocap Kacarita jaman mbiyen ono nom-noman bagus  anake mbok Rondo.
Umure wis cukup kok durung gelem golek sihsihan.

Bocah nom Bagus kuwi sejatine pangeran  kang nyaru dadi wong ndeso. Urip srawung karo warga kampung merga karep nggoleki jodhone kang ilang pirang-pirang  taun kepungkur.

Bocah bagus kuwi kawastanan Ande-ande  Lumut iku sejatine pangeran seko kerajaan Kediri kang duweni asma Pangeran Kusumayuda.

Kabar yen ono wong lanang bagus arep nggolek jodho,  banjur keprungu  bocah-bocah prawan kang ana ing kampung kono.

Rada adoh parane seko kampunge Ande-ande Lumut,  sak wijine keluarga kang anduweni anak papat kang aran Kleting  Abang,  Kleting Ijo,  Kleting Biru,  lan Kleting Kuning.

Bocah prawan papat cacahe iku kabeh ayu-ayu rupane,  ananging bocah sing  ragil ketok paling Ayu senajan sabendina gaweane ming neng pawon nglakoni panggawean.  

Bocah telu mangkat karep ngunggah-unggahi Ande-ande lumut.  Kleting Kuning ditinggal dewekan.  Ananging simboke ngerti yen sejatine mung kleting Kuning sing digoleki karo Ande-ande lumut.

Mbakyune Kleting Kuning mangat disik,  Kleting Kuning mangkat keri karo disangoni pusaka arupa kayu.

"Mengko nek ono yuyu kangkang sing ngadang dalanmu,  thutuhuken nganggo kayu iki", mengkono  pesen simboke.

Pancen bener apa sing diomongke simbok,  karep tekan desane Ande-ande lumut kudu ngliwati kali gedhe sing dijaga Siluman Yuyu Kangkang.  Yuyu kangkang  njaluk syarat ngambung pipi siji-siji bocah wadon sing arep disebrangke.

Amarga butuh lan kesusu Kleting Abang,  Ijo lan biru gelem diambung karo Yuyu Kangkang,  lan sak wuse ngono banjur disabrangke.

Kleting Kuning tekan pinggir kali,  eling  pesene simboke,  Yuyu Kangkang dithuthuk kayu banjur tulung-tulung.  Kleting kuning  banjur disabrangke tanpa diambung.

Mbakyune Kleting Kuning  wis tekan papan panggonane Ande-ande  Lumut,  simboke banjur ngundang anak lanange supaya mudun nemoni bocah telu mau.  Ngene swarane simbok,

Putraku..  Si Ande-ande Lumut..
Tumuruna ana Putri kang ngunggah-unggahi
Putrine kang  ayu rupane
Kleting ijo iku kang dadi asmane...

Nganti ping telu simboke  celuk-celuk,  saurane ande ande lumut  tetep padha bae.

Mbok Simbok kula mboten purun..
Mbok simbok kula mboten purun
Snajan Ayu sisane si yuyu ka
ngkang.

Dumadakan Kleting Kuning teka.gluput praupane amarga ora nganggo dandan babar pisan.  Ananging Ande-ande  Lumut banjur semaur nalika simboke ngundang jenenenge.

Mbok simbok kula inggih purun,  snajan awon menika ingkang kula suwun..

Jebul Kleting Kuning kuwi iyo Putri seko Keraton Jenggala kang Kaparingan asma Dewi Candrakirana

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun