Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Blasteran Genderuwo

26 September 2020   15:18 Diperbarui: 26 September 2020   18:09 725
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: galeri foto pribadi

Jam 9 bengi tujune wis tekan Surabaya. Johan lega temenan. Dheweke langsung sumingkir supaya bisa leren. Lungane mak plencing kaya-kaya wegah ngewangi Nina lan Ardi sing kudu ngedhunake barang-barang saka bagasi.

"Ar, mreneo sedhela!" Johan ngawe-awe Ardi. Anggone ngedhunake barang wis rampung lan saiki wis katon sela. "Mreneo!"

Ardi saktenane gething. Ngerti okeh gawean kok malah lungguhan karo ngombe teh, babar blas ora ngewani wong liya sing lagi repot. "Kowe kuwi ra dong kok, Han. Nyebahi dadi wong!" Ardi misuh-misuh. "Yen kesel, aku ya kesel. Wingi entas seka Solo terus iki mau seka Malang lho."

Johan meneng wae, ngakoni yen dheweke kleru. Ardi sing misuh-misuh dienteni nganti marem. Wonge pancen katon lungkrah. Mestine kawit mau bengi durung adus mbasan ngerti pacare saka Jogja arep pindah kantor ning Surabaya.

"Pacarmu saiki nandi, Ar?" Mripate Johan jelalatan namatake omah sing isih petengan. Kamangka saiki wis jam setengah sepuluh kok Nina ora enggal nguripake lampu. "Wonge wis mlebu ta?"

"Iya wis mlebu. Nina jarene arep adus sik. Bar iki arep maem merga jarene mau ora kok ajak mampir memangan nang ndalan." Ardi mlirik. Wonge mangkel ora trima merga pacare digawe kaliren, ngebut lan ora diajak omong-omongan. "Ngawur kok kowe ki, Han. Tujune Nina ora masuk angin."

"Ealah jebul pacarmu ki wadulan ta, Ar."

Ardi namatake Johan sedhela. Kaya-kaya arep maca ulate Johan sing semrawut kaya entas diuyak demit.

"Kawit seka Nanggulan ki wonge meneng wae lho. Tak jak omong olehe nyauri cekak-cekak memengi kae. Gek lungguhe ning mburi dhewe kuwi apa aku kon bengak-bengok?"

Ardi raine kaya perengan watu gembel. Ulate pancen ora peteng ananging kaya jathilan ndadi. Mripate mencereng, ora kedhip lan awake kaku kaya reca. Johan kudu ngguyu meruhi Ardi sing dadi kaya ngono kuwi.

"Kowe wis ngerti aku arep crita apa?" pitakone Johan mbebeda Ardi supaya ora spaneng. Ardi panggah kaya kemau. Embuh yen digladenake gamelan paling bisa jingkrak-jingkrak jathil. Muga wae ora kerasukan demit kethek utawa celeng. Angel tambane!

"Eh Ar, aku arep takon. Jan-jane pacarmu kae menungsa udu ta?" Johan lekas ngudari bolah sing semrawut ning sirahke kawit mau esuk. "Kowe kuwi rumangsa ora yen Nina ki nyleneh?"

Ardi ora nyauri pitakone Johan sing saiki malah pringas-pringis ngampet ngguyu uga ngampet rasa wedi. "Nanging kowe aja nduga werna-werna lho, Ar. Aku iki ming arep takon temenan. Jan-jane kowe rumangsa ora yen Nina kuwi lain dari yang lain?"

Ardi hambegan landung. "Lha piye, Han?"

Johan mesem wagu. "Aja nesu lho." Ardi nggedeg banter. "Ora!"

Johan ndelengake omah anyare Nina sing isih petengan, mung lampu mburi sing wis diurupake. "Kowe mbiyen pas nganggur ki senengane golek lawa karo trenggiling. Apa kowe pas golek trenggiling kuwi ketemu sundel bolong terus kok dadekake pacarmu, Ar? Nina kae maksudku. Iku mau angger liwat dalan sepi, aku kuwi khawatir yen Nina teka-teka ngilang."

Ardi nggedeg banjur mesem, eseme uga wagu. "Teruske sik."

"Kewan? Ruminansia.... " Johan ngguyu alon nanging kemekelen. "Sedalan-dalan Nina kuwi mamah biak. Embuh sing dimamah kuwi apa. Kamangka aku ora rumangsa weruh Nina tuku utawa mbukak panganan. Anane ming udutku thok. Nina tak tawani udut ra gelem."

Ardi njitak sirahe Johan. "Asem kowe."

"Nina ki sangu jus buah apa ta? Jus kuwi yen diombe kudune kelong, nanging tak wawas kok malah sansaya tambah, Ar. Jus tomat kayane. Neng kok cuwer banget?"

"Lanjut!"

Johan katon sansaya ati-ati anggone omongan, nanging mestine ukara sing kawetu luwih nyebahi.

"Nina ki untune dikutek apa kepiye? Kemau kok aku weruh untune kaya kacang telur. Nina kuwi jane ayu nanging kok akeh wagune ta, Ar. Nggilani!" Johan mblaeni anggone crita. "Aku rasa-rasane dadi supir mobil jenazah lho. Samben aku mlirik ning spion njero, mesti Nina ya ngepasi ndelengake aku. Apa ya ora wedi aku ki?"

Ardi hambegan landung. Dheweke nyrutup teh panas sadurunge nglekasi omong. "Wis rampung durung olehmu gumun karo pacarku, Han?"

"Ya aku ming arep takon. Jan-jane Nina kuwi manungsa udu?"

Ardi mesem karo ngguyu. "Aku sayang karo Nina. Tresna banget!"

"Halah prek!" Johan lambene mecucu jengkel.

"Temenan. Aku tresna tenan karo Nina."

"Ah karepmu, Ar. Preketek!"

"Aku gampang kangen karo Nina. Ora weruh sedhela wae rasane wis kangen."

Johan gething krungu ukarane Ardi sing sansaya ndadra anggone pamer kemesraan. Dheweke banjur nyaut. "Oalah kangen weruh Nina sing ajeg mamah biak kaya wedhus, yen mesem wagu merga untu sing kaya kacang telur aja ngasi ketok ta? Hahahahhahaha....."

Ardi mung klecam-klecem. Duh jan sabare kaya nyebrang samudra numpak bonggol gedhang.

"Kene tak cethakake marang kowe, Han," ujare Ardi mbasan Johan wis marem olehe ngguyu. Anggone guneman kaya ajak omong wigati.

"Nina kuwi nginang."

Johan mencereng, awake kaku kaya reca. "Hah! Tenane, Ar?"

"Ya kana nek ra percaya. Sing mbok kira mamah biak kemau wonge berarti gek nginang. Jus tomat kemau jan-jane dubang sing diwadahi tumbler. Untu kacang telur kuwi merga Nina durung sikatan mulane warnane oren."

Johan saiki sing kaya reca. Dheweke ora percaya karo omongane Ardi, kanca raket kawit cilik. Wong enom saiki isih ana sing nginang?

"Mbiyen pas aku pisanan srawung ya kaya kowe kuwi, Han. Aku nang ngarep, wonge nang mburi. Coba bayangna olehku PDKT? Ora bakal nyandak pikiranmu. Yen ketemu mesti nang panggon sing sepi-sepi kareben wong liya ora bisa meruhi Nina nginang karo ngudut menyan."

"Mbiyen pisanan mambu ababe Nina, aku bisa muyer sewengi. Aku mbiyen ora ngerti yen ning tumbler kuwi jebul dubang. Tak ombe kabeh merga tak kira jus utawa jamu. Bar kuwi aku mutah-mutah wegah mangan uda kara telung dina. Suwe tenan menawa ngenteni Nina sikatan untu merga yen prei dheweke memeng sikatan dadi untune bisa kaya kacang telur temenan. Saben lelungan karo Nina, aku kudu nggawa parfum merga yen ora aku bisa katut mambu menyan."

"Kowe melu nginang ora, Ar?" Johan nyelani.

Ardi nempeleng sirahe Johan. "Ora lah. Paling-paling aku ming nukokke suruh, gambir karo menyan."

"Wah gemati tenan kowe, Ar."

Ardi katon bombong kasil ngolehake omah kanggo Nina, pacare sing banget disayang. Omah iku adoh saka tangga teparo, mburi omahe ana dapuran pring, banjur sisih kiwa tengen arupa kebon gedhang sing ora kopen. Omah sing mencil iku pancen wangun kanggo Nina sing nduweni kesenengan nginang, udut menyan lan nyetel musik jathilan.

"Kowe kok bisa nemu pacar kaya blasteran genderuwo, Ar?" Johan ngguyu nyekakak marem. "Suwe-suwe pacarmu kuwi nggota hang out karo genderuwo tenanan sing mbaureksa dapuran pring mburi omahe kuwi. Bisa lho njuk lali karo kowe, Ar."

Ardi lambene mucuk kaya nganti kena ditaleni. "Ora bakal. Nina ki tresna tenan karo aku. Dheweke janji karo aku bakalan alon-alon mandheg olehe udut menyan karo nginang kok."

"Kowe ki mbok mangertenono ta yen aku iki rung payu. Nyebahi!" Johan nesu. Kawit mau wonge jengkel nalika Ardi pamer kemesraan. "Halah pacaran karo blasteran genderuwo wae dipamer-pamerke. Ngudut menyan, nginang nganti untune kaya gerabah, ababe mambu suruh, idune abang, yen mesem wagu. Tujune untune Nina kuwi untune ora slonjor, bisa gumoh mengko."

Ardi meneng wae, malah kepara melu ngguyu.

"Kowe mbiyen pas nang Jogja kerep ajak pasar Kranggan ki tak kira golek sajen kanggo genderuwo. Jebulna sajen nggo pacarmu dhewe."

Ardi mesem. Mripate nyawang Nina sing mlaku meraki dheweke karo jungkatan.

"Nek jenenge wis tresna kuwi nampa sakabehe ala lan becik kanthi legawa. Olehe srawung kuwi ora mung nguja katresnan, ananging uga kanggo kanca supaya ngelingake menawa luput. Yen ana sing awon utawa kleru bisa dibenerake bebarengan amrih becike kepiye." Ardi lekas ndalang.

"Siji maneh, Han. Ora ana wong sing sampurna, sanajan iku wong sing banget mbok tresnani."

Yogyakarta, 26 September 2020

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun