Raine melong, adem disawang
Bujang pating nggrinjel kesengsem
Ksatria turun gunung adu ajian
Balapan ngrogoh atine prawan petingan
Kaya mawar megar monga-monga
Wangine nyripit nyrecep njero dada
Mata ora bakal kedep angger ngilengna
Gumun karo ayune si kembang desa
Ujug-ujug kembang rontog
Laka sing weruh laka sing nulungi
Kawur kececer angin mana-mana
Ilang lunga maring panggonan liya
Lunga sa lawase ninggalna dunya
Jerit tangis kaya tetembangan
Kelangan inten sing laka tandingan
Gela, nelangsa terus teka kebuka
"Ora nyana....ora nyana...!?"
Kalimat kuwe sing sering tak rungokna
Imam Chumedi, KBC-28
Ana rasa elom, ana madan ora percaya
Tapi Gusti Allah kuwe Dzat Sing Maha Kuasa
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!