Mohon tunggu...
Hanung Abdul Muqiit
Hanung Abdul Muqiit Mohon Tunggu... Seniman - Korean Drama and Javanese Culture Enthusiast

Penggemar drama korea dengan genre Komedi, Romansa, Slice Of Life dan Kehidupan Sekolah. Sekaligus pecinta budaya jawa: Wayang Kulit, Karawitan, Tari Jawa, dan lain sebagainya. Juga menggemari budaya pop lainnya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Cerita Cekak: Njara Langit

17 Januari 2021   01:27 Diperbarui: 17 Januari 2021   02:02 9498
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber: Betandang.com

Njara Langit

Cerita Cekak (Cerita pendek Berbahasa Jawa)

Peraih Juara 1 Lomba Cerkak Solopos 2020

Pengarang: Hanung Abdul Muqiit Ramadhan Anwar

Irwan gemeter, ora mergo adem, ora mergo weruh setan. Dheweke ndekem dewean neng jero kamar. Lambene pucet, raine ora kalah pucet. Rambute awul-awulan, katone wes sawetara dina ora dicukur. Luh e netes kecampur kringet, nelesi gulu koyo kumricike udan. Neng njaba ana swara rame rame. 

"Lik, sing sabar lik. Diiklasake." Pak Sabar minangka ketua RT kono katon lagi ngeneng neng Mbah Parman kang lagi nangis sesenggukan. Tonggo teparo wes ketok ngebaki omahe Mbah Parman. Ana sing gawe tratag, ana sing nata kursi, ana sing masang gendera abang ing pucuking dalan, la ana uga sing ngrewangi Bu Modin ngurus sarirane putune Mbah Parman sing lampus diri wingi uni. 

Dhok.. Dhok.. Dhok.. 

"Lee..Irwan" Ibune irwan ora bisa bukak lawang kamare Irwan amarga dikancing saka jero. 

"ngger..didangu ibu kok ora nyauri, awakmu neng kono tho?" ibune Irwan banjur nyedakake talingane neng ngarep lawang. 

"lee kowe nangis tho? Bukaen lawang e lee. Ayo crito karo ibu!" ora enek sauran seko jero kamar. 

"Pak..Bapak.. anakmu kuwi kena ngapa" ibune irwan sing uwes ora bisa mbujuk Irwan banjur nyeluk bapake irwan kang lagi ewang ewang nata kursi neng omahe Mbah Parman.

"wes gen ko sik, dee yo ketoke sedhih mergo matine Yeni" 

"lha opo deweke ra gelem layat,Pak?" 

"yo koyo ngono anakmu Bu. Mengko nek layat mundak soyo loro atine." 

Sakwise dishalati, Yeni, Putune Mbah Parman banjur disareake ana ing cedak sarean bapak ibune kang uwes disiki 3 tahun kepungkur. 

"Lee irwan!" ibune Irwan mbaleni nggedog lawang. "kena ngapa le?".

" Wes Bu ne, kene tak timbalane" bapake Irwan banjur genti mbujuk si Irwan 

"Wan..hayo enggal metu! Opo ora mesakake ibumu nimbali bola bali ora mbok gubris blas." 

Ora ana sauran seko njero 

"IRWAN! HAYO METU, ORA METU KELAKON TAK DOBRAK LAWANGMU!" 

Mergo wes entek kesabarane bapake Irwan banjur ancang ancang lan enggal nubruk lawang kamar e Irwan nganti jebol. Irwan katon ndepis lan isih nangis malah sangsaya banter anggone nangis 

"Yuuuhhh..kena ngapa kowe le?" ibune Irwan enggal ngrangkul putrane. 

***

"Wis lik, ora usah ditangisi suwe suwe" ujare pak Sabar nyoba gawe tentreming atine Mbah Parman. 

"Piye ora miris atiku Bar, anakku sak putuku kabeh uwes ora nana, mung gari aku dewean. Patine Yeni uga mesthi mergo awakku, deweke ngrasa stress amarga ora tak ladeni kaya wong tuwane mbiyen. Owalah Bar, opo aku kudu melu mati?" 

"nggih ampun tho lik, njenengan niku pak lik kula, tesih wonten kula. Lan mboten sah mikir kang aneh aneh, takdire gusti sampun tumiba ing wancine si Yeni" 

Durung rampung ular ulare Pak Sabar, teka Irwan sak keluwarga. Irwan enggal lungguh sesedhokan neng ngarepe mbah Parman "mbah apuranen awakku mbah. Putumu tak pilara atine" 

Pak Sabar kaget "loh mbok apakke si Yeni" 

"ngene kang, jebul anakku karo Yeni uwes suwe yang-yangan lan ndekwingi si Yeni di pedhotake karo si Irwan tapi gur ethok ethok karepe dinggo surpres ulang taune Yeni sing kepernah dino iki" ujare bapake Irwan. Pak Sabar gedheg-gedheg. 

Dumadak teka nom noman wedok neng platarane mbah parman "ngapunten, niki dalem e mbah Parman? Kakung e Yeni" 

"bener Nduk, ana perlu opo?" Pak sabar nyauri pitakone bocah wedok mau 

"tepangaken Pak, Bu. Kula lan kanca kanca punika rencang kelasipun Yeni, badhe ngaturi pirsa" ujare salah siji bocah wedhok kuwi katon kepedhot lan wiwit mbebes mripate 

"Yeni tingalipun lara ati, amargi saben dinten kula musuhi, amargi piyambakipun menawi ulangan mboten nate purun kula tiruni. Saengga miturut kula Yeni lampus diri amargi niku" banjur bocah wedok mau nangis. 

Irwan banjur gumregah lan muntab nyang bocah wedhok mau "heh wani wanine kowe 'Mbully' pacarku Heh?". "loh sopo? Kowe pacare Yeni?" si bocah wedok mangsuli kanthi lara ati 

"Iyo, aku pacare Yeni, Jenengku Irwan" 

"loh bukane pacare Yeni kuwi Dani? Bocah SMA 2. Si Yeni wes tau yangyangan bola bali neng omahe si Dani" Irwan meneng kicep koyo watu. 

Montor lanang kang gagah tumeko melu ngebaki pelataran omahe Mbah Parman. Sing iki bocahe lanang, gagah, lan ganteng. 

"kula nuwun" dheweke banjur marani mbah Parman lan ngesun tangane mbah parman. 

"nek bocah iki aku tau weruh nggoncengake Yeni kala mangsa" Pak Sabar nggunemake panemune 

"tepangaken kula Dani Pak, kula pacaripun suwargi Yeni." Irwan ora wani noleh, dheweke jek kelara mergo ngerteni si Yeni sing duwe pacar liyane deweke 

"kula rumangsa lepat, amargi kala wingi Yeni niku ngonangi kula kalih wanita sanes, tingalipun Yeni cemburu" ature Dani kanthi ngrasa salah. 

Kabeh sing ning kono meneng kabeh. "uwes uwes kabeh.. aja padha nyalahake awake dewe dewe, yen pancen ngroso salah ayo njaluk ngapura nyang Gusti Kang Kuwasa. Enggal tobat lan ora bakal baleni maneh" Pak Sabar medharake pituture.

 *** 

Uwes 10 dino sakbubare lelayune Yeni. Mobil polisi ngebaki dalan ngarep omahe Irwan sing ngepasi ning ngarep omahe Mbah Parman. Keluwargane Irwan metu saka ngomah banjur nakoni salah sawijining polisi 

"wonten napa niki pak?" 

"niki saking Bareskrim, ajeng ngringkus tersangka pembunuhan Yeni Puspitasari " ature Pak Polisi. 

"loh napa mboten lampus diri Pak?" 

"mboten, Yeni punika diracun lajeng di gantung wonten kamaripun" 

"lajeng sinten ingkang mejahi Pak?" Irwan katon abang rupane 

"punika Bapak Sabar Suparno, Pak lik ipun Yeni" 

keluwargane Irwan kaget sak kaget kagete. Banjur bali njero omah karo rerasan 

"duh kok yo enek uwong koyo ngunu kuwi yo pak e" 

"ngene Bu ne, ketoke kang sabar kuwi pingin melik warisane Mbah Parman sing semono akehe mula dheweke mateni si Yeni" 

"wah iyo Pak, tapi yo pintere bebasan bisa njara langit anggone ndelikake tumindak ala, bakale diketarakake marang sing Kuwasa" 

Wonogiri, 10 Mei 2020

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun