Mohon tunggu...
Agus Tjakra Diredja
Agus Tjakra Diredja Mohon Tunggu... Guru - Pengajar

Pengajar di Sekolah Atas

Selanjutnya

Tutup

Puisi Pilihan

Dina Kaping 56

2 April 2024   07:56 Diperbarui: 2 April 2024   08:00 29
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Lungguh lincak pring pethung,
Krubutan sarung,
Kopi pahit isih kumebul anggandha pangarep
Sing wis kethul,
Komat kamit Tarmin ngrapal donga
Saka dluwang lawas tulisane ibu
Batine nggresah, awake ora obah
Atine goreh, mbayangne sing bakal kelakon
Mengko po sesuk... kabeh sih dadi angen-angen

Saka radione tangga, lagune Ivan Fals
Nambahi kahanan atine tambah nelangsa

"Aku ki mung pegawe honorer
Sing nasibe gumatung marang liyan
Sing ora bisa njaluk luwih akeh saka takeran"

Ora akeh, sithik wae sak jane
Nanging akeh sithik kuwi mung ukuran angka
Sing bisa nyukupi, sing bisa nutupi
Sing bisa nambali, sing bisa nalangi

"Sithik kanggomu, nyukupi kanggoku,"
Si Karmin nyawang langit sing ireng, sing petheng..

Iki dina kaping seket enem
Bisa dadi dina sing luwih dawa
Bisa dadi dina sing kebak prasangka
Bisa dadi dina sing kebak ndedonga

Si Tarmin adus,
nganggo seragam putih ireng sepatu coklat
nyangking Tas cangklong isi buku
Numpak sepedha, budal makarya

Pesene Ibu
"Ana apa ora, dudu sing utama
Ana apa ora, sing penting tetap ngupaya"

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun