Jarane kepang
jambule saka suket
Jarene gampang
jebule ora ceketÂ
Jarane mlayu
jokine mringis
Jarene payu
lha kok nangis
Tapa suwi
kudu sepi
Sapa kuwi
dudu sapi
Kapuk
ijeh dipangan
Napuk
nyilih tangan
Iwak asu
diganyang kirik
Awak lesu
mergane serik
Menyang Mentok
ketara ngapusine
Ngenyang katok
ora sisan isine
Ngisinge suwi
mangka arep ditakoni
Sing penting kuwi
rumangsa nglakoni
Ngisor lawang
ana sisa mlanding
Isa nyawang
Ora isa nyanding
Takok pira nominal
jawabane angka vulus
Lha kok ana terminal
Jenenge Kebakbulus
Si mbak mulus
suwi mijet tamu
Kebakbulus
kuwi plesetanmu
*******