Mohon tunggu...
Nanang Diyanto
Nanang Diyanto Mohon Tunggu... Perawat - Travelling

Perawat yang seneng berkeliling disela rutinitas kerjanya, seneng njepret, seneng kuliner, seneng budaya, seneng landscape, seneng candid, seneng ngampret, seneng dolan ke pesantren tapi bukan santri meski sering mengaku santri wakakakakaka

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Wong Wadon Sing Teka Ing Impenku

8 September 2019   15:45 Diperbarui: 9 September 2019   07:57 364
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bekase galian tambang pasir sak setan kutho Madiun

Hanum.....

Kedadean iki tak alami rong sasinan kepungkur. Sore iku udan nrecih, masio ora ketara nanging keprungu kemrisike banyu udan saka kamar panggonanku nyambut gawe. Pasien isih 2 sing durung kecandak. 

"Monggo bu, giliran panjenengan... " Wong sing tak ajak ngomong ora gelem semaur, nanging nggur gedek sirahe.

Banjur pasien sijine sing tak lebokne ruangan langsung operasi. Wong sing kudune mlebu gasik, malah njaluk keri. Nunggu anake wadon sing lagi metu golek mobil angkutan, kandane pasien sing takdisikne.

Pasien sing nyalip wis rampung, ananging anake wadon sing ditunggu durung teka.

Ruang tunggu sepi, swara udan wis gak keprungu. Swara ngaji saka masjid RS keprungu, sedela maneh azan magrib.

"Bu.. Jilbabipun digantos niki nggih.. " Tutup sirah transparan tak wenehne kanggo ganti jilbabe. Amargo mlebu kamar operasi kudu ganti pengganggo khusus. 

Gedek, gak semaur malah arep nangis.

Sautara iku ing ruang tunggu nggur aku lan deweke. Aku bingung nek perasaan orang kepenak, kaya enek sing ngganjel. Aku arep njangkah mlebu, ananging pasien sing terakhir iki nyaut tanganku. Diganduli, katon melas. Banjur aku lungguh ndodok nyekel tangane pengin ngerti apa sing dikarepake.

Hawa adem semilir, nggur swara jarum jam cemlethak sing keprungu. 

Pasien ujug-ujug nyopot jilbabe, ndadekake aku kaget langsung lungguh ndoprok. Sirahe gundul ndul, semana uga alis lan idepe. Kaya manekin nek toko pakaian, malah kaya tuyul sing gak duwe rambut babar blas plontos. Peraupane putih pucet, nggur bengese katon abang malah nambahi serem. 

Mrinding, aku ijik tenger-tenger. Uluku nyengkorok, tenggorokanku rasane asat.

Larap-larap keprungu azan magrib, pasienku nangis sesenggukan. Lagi ngerti alasane nyapo ora gelem ganti jilbab. Untung ana jilbab khusus gawe pegawai, banjur tak pasangne nek sirahe.

Pasien tak surung mlebu, tak turokne nek mejo operasi. Tak tetesi mripate, banjur aku cuci tangan lan ganti baju operasi. Pasien tak drapping tak pasang eyedripe.

"Bu ini mulai, ibuk yang tenang yaa, jangan banyak gerak.. " ature operator arep miwiti operasi.

Ora sautara suwe operasi diawiti, pasien esrek wae kaya wong gelisah. 

"Bu minta kerjasamanya dong.. " operator nggedumel. Nanging pasien ora nganggep.

"Bu anteng nggih, kersane hasile sae, kersane enggal rampung, enggal saget magriban. " panjalukku, rasane gak percaya pasien langsung anteng lan manut.

Kurang luwih setengah jam operasi wis rampung, pasien tak tak tangekne lan tak surung menyang ruang tunggu. Ruang tunggu sepi ora ana uwong. Ora tega ninggal pasien dewekan.

Ting tong...

Lawang lift mbukak, wong wadon umur selawenan tahun metu saka lift. Wong wadon sing ngangge penganggon sarwo ireng.

"Matur nuwun mas..., niki anak kula wedok pun dugi. " kandane pasien, karo mesem. 

Aku manthuk karo nyalami anake pasien sing ngganggo penganggon sarwo ireng, deweke ngatungne tangan nyalami aku. Tangane anyep njejeb, nggawe mrinding. Tak kandani 2 dina maneh kontrol menyang poli.

Pasien lan anake bali tak terne sampek lawang lift nutup, banjur aku mlebu maneh nglengkapi dokumen.

Rasane jik nyengkorok, tambah kaget ndelok alamate pasien. Jl Punden, Glonggong Dolopo. Jenenge dalan kaya dalan menyang kuburan. Penasaran tak bukak google maps, alamat sing tak goleki jebule sekitare kretek perbatasan Dolopo-Glonggong.

Kretek sing sepuluhan tahun kapungkur dadi panggonan mobilku mogok tanpa ana tanda-tanda sak durunge. Mobil langsung mandek jegrek nek tengah kretek. Mogok pas aku mulih nderekne guruku ngaji nek Madiun. Mogok wetoro jam 1 bengi.

Aku nilpun kancaku bengkel kareben mobile didandani, nanging nek guruku ora entuk.

Tunggunen diluk ben adem mesinne, pesene guruku. Guruku banjur mudun depe-depe nek wesi pager kretek.

Bluuung....

Swara barang jeblok menyang banyu. Guruku banjur mlebu mobil karo njenggung sirahku. Mobil tak stater langsung urip.

Guruku mesem, karo ngendika suk aku bakalan ngerti dewe.

Hanum...  

Kretek iku kretek sing awake dewe nate kejebak macet karnafal sak mulihe saka Madiun kae.

Hanum...

3 wulan kapungkur aku ngipi, ana wong wadon tuwo lan anake wadon mampir njaluk colok amargo mulih kewengen lan dalane peteng. Tak wenehi oncor banjur iso nerusne perjalanan.  

Lan 2 minggu kapungkur aku ngipi ketekan wong wadon tuwo sing teka nek ngipiku iku. Deweke matur nuwun nate ditulungi diwenehi pepadang. Lan pengin njaluk tulung maneh aku kon ngewangi nggoleki omahe anake wadon. Anak wadon sing biyen nate teko nek impenku. Deweke pengin dadi siji sak omah karo anake wadon siji-sijine sing kepisah sak wetara suwe. Anake wadon sing nate lunga bareng nanging wayah bali, baline menyang daerah Kare Madiun.

Deweke ugo crito yen deweke sing operasi 2 wulan kapungkur magrib-magrib. Deweke ugo crito nate kecelakaan lan mati nek kretek kidul Dlopo. Kecelakaan wayah dibonceng anake wedok, deweke langsung mati nek panggonan kecelakaan lan anake wadon sempat digawa menyang Solo nanging akhire uga mati.

Anak wadon siji-sijine iku lagi mulih saka Hongkong, lan janji arep ngoperasikne matane sing kenek katarak.

Nek impenku iku, aku di wenehi alamat. Alamate daerah bekas galian tambang pasir.

Hanum...

Aku kaget langsung tangi, aku langsung mlayu menyang njeding wudlu. Aku banjur sholat ziarah tak hadiahne menyang deweke.

Lan seminggune sak bubare ngipi aku diajak kanca-kancaku bala motret menyang Madiun.

Wayah ngisi bensin nek SPBU Mlilir, ujuk-ujuk ana wong wadon lungguh nek bangku nburi. Wong wadon nggawa buntelan isi pakaian lan perkakas. Wong wadon tuwa sing nate teka nek ngipiku, wong wadon sing nate operasi, wong wadon sing nate ngendek mobil wayah aku nderekne almarhum guruku.

Uluku nyengkorok, lambeku terus komat kamit maca donga sakelingku.

Keringetku sak grontol-grontol, kancaku sak mobil ora ana sing ngerti. Arep mengo menyang mburi wedi, yen gak mengo pengin mengo. Praupan pucet lan matane menteleng rasane kaya-kayao arep nekek aku saka mburi. Huh guris... 

Sampek Madiun jam 11 bengi, aku lan rombongan mudun ngampiri kanca Madiun karo ngopi. Wong wadon tuwa gak mudun, tetep nek jok mburi. Karo bola-bali ngode aku ojo suwe suwe mergo anake wedok wis nunggu.

Rombongan ana 3 mobil budal menyang bekas galian tambang pasir. Kanca-kanca semayan motret milki way. Motret gugusan bintang.

Nyedaki lokasi bekas galian swara asu patung jlerit, jenggong ora meneng meneng. Kaya ngerti ngertio yen ana lelembut sing lagi liwat. Nambahi singlu kahanan, opo maneh bekas galian arupa joglangan jurang sing wis gak nate disaba.

Mobil mandek lan parkir, aku mudun, kancaku uga mudun. Semana uga wong wadon sing lungguh mburi dewe.

Kanca-kancaku pada masang tripod lan motret, aku mlaku nyisih nuju wit sing gak sempat ketebang jaman tambang. Wong wadon tuwa iku ngetutne mburiku. Tak sawang sak tengene wit rada ngisor enek kijing siji. Nek kono ana bocah wadon sing lagi lungguh sak nduwure kijing.

Buntelan langsung diuncalne simbok lan anak wadon langsung rerangkulan, lan nangis sesesenggukan. Aku gak mudun, nggur meneng ndelok saka ngisor wit.

Aku manthuk, wong wadon 2 iku uga manthuk bungah wis ketemu.

Hanum....

Mbuh ngerti apa ora kanca-kancaku, masia mrinding atiku bungah isa tetulung. Seneng isa nglaksanakne amanate guruku.

Hanum... 

Sepurane yen sering ana wong wadon liya nek impenku, nanging sliramu impene uripku.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun