Ambuka netra iku ya anutup netra. Mblalak utawa merem, ati wening amarga hening bening. Oyaken ndonya iki. Hambok tekan ngendi wae, tansah ngelak kepengin ngombe.
Yen wis kadhung adoh dolane, aja nganti lali dalan bali. Oncata saka bilahi. Kalis ing rubeda. Tansah pinayungan slamet. Tresna mring sapadha-padha.
Jalma tak kena kinaya ngapa. Sak jane bisa ngunandika iya utawa ora. Nanging amarga ketutup mendhung, isan amung janji ngapusi.
Nggih-nggih ora kepanggih iku dudu sifat satriya. Kakehan janji, ananging lunyu mleseti. Banjur keladuk percaya wuta. Lamis kang amis, ukarane digawe klimis.
Saya akeh wong percaya marang ukara kang kebak wisa. Abot-abote nggayuh keprabon, wong liya digawe awon.
Niyat iku sok-sok jahat. Pangandikan ya ngono. Kepengin kaya kembang alum sing mbalik kuncup. Mblenjani janji, iku wis mesti.
Kamangka kembang alum kuwi isih kepengin mekar abadi. Nanging lali sesanti : "Ajining dhiri gumantung ana ing kedhaling lathi".