Mohon tunggu...
Sri Wintala Achmad
Sri Wintala Achmad Mohon Tunggu... Penulis - Biografi Sri Wintala Achmad

SRI WINTALA ACHMAD menulis puisi, cerpen, novel, filsafat dan budaya Jawa, serta sejarah. Karya-karya sastranya dimuat di media masa lokal, nasional, Malaysia, dan Australia; serta diterbitkan dalam berbagai antologi di tingkat daerah dan nasional. Nama kesastrawannya dicatat dalam "Buku Pintar Sastra Indonesia", susunan Pamusuk Eneste (Penerbit Kompas, 2001) dan "Apa dan Siapa Penyair Indonesia" (Yayasan Hari Puisi Indonesia, 2017). Profil kesastrawanannya dicatat dalam buku: Ngelmu Iku Kelakone Kanthi Laku (Balai Bahasa Yogyakarta, 2016); Jajah Desa Milang Kori (Balai Bahasa Yogyakarta, 2017); Menepis Sunyi Menyibak Batas (Balai Bahasa Jawa Tengah, 2018). Sebagai koordinator divisi sastra, Dewan Kesenian Cilacap periode 2017-2019.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Cerpen | Jurang Kinemulan Pedhut

9 Januari 2020   17:02 Diperbarui: 9 Januari 2020   17:11 549
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

"Katresnan magepokan kelawan rasaning ati. Dudu pikiran waras."

Mengkono status WA-ne Dini kang tinulis sadurunge ngancik candhik ala. Status kang ora mrentul saka panemune wong liya, nanging saka kang dialami. Senajan wis duwe pacangan, dheweke isih kelingan Prastawa. Mantane kang telung taun kepungkur tansah aweh panglipur wuyung lelantaran Video Call.

Tumrape Dini, pawongan kang dikarepe dadi sisihane ora liya mung Prastawa. Amarga dheweke isih kabotan ninggalke Rindi kang saiki dadi sisihane, Dini trima mundur kanthi gawa tatu ati. Kepengin nambani tatu atine, dheweke mratelake rasa tresna marang Giarto. Rasa tresna kang mung ana pucuk lathi.

Wis setaun lawase, Dini sesambungan tresna lamis karo Giarto. Senajan mengkono, dheweke bisa nyimpen sajroning gendaga ati. Saengga Giarto kang percaya nenawa rasa tresna pacangane iku tulus, banjur duweni krentek nglamar marang wong tuwane.

Lamarane Giarto tinampa becik. Singkat crita, Giarto lan Dini wis mangun bale wisma. Urip bebrayan kang kebak pepalang, panggodha, lan pacoban. Urip kang ora mung pawitan tembung tresna, nanging uga linandhesan nyawijine rasa sih kang tulus. Kaya geni lan panase, lampu lan sunare, utawa kembang lan arume. Saengga apa kang bakal jinangka dening saklorone bisa kasembadan. Lir lelayarane baeta tumujweng pelabuhan.

Ngancik sasi kapitu anggone Dini dan Giarto mangun bale wisma, prahara manempa tanpa sraba-sraba. Dini sesambungan tresna karo Prastawa kang lagi megat Rindi bojone. Mangerti menawa Dini wani tumindak sedheng karo mantane, Giarto kobong kanepsone. Gawa glathi ligan. Tumuju omahe Prastawa sabadane tabuh pitu bengi. Sajroning atine kandha, "Durung lega rasaku, menawa Prastawa durung mati saka tanganku."

Tumeka sangarep omahe Prastawa, Giarto nyedhaki pawongan lanang kang lagi lungguhan ing teras. Tanpa tetakonan, Giarto namake glathi ligan ing dhadhane pawongan kang kinira Prastawa. Deleng sedulur kembare diperjaya Giarto, dheweke bengok-bengok. Jaluk tulung marang tangga teparo. Ora sawatara suwe, kunarpane sedulur kembare Prastawa iku diplayoke neng rumah sakit. Giarto digawa polisi. Dikrangkeng sajroning pakunjaran.

Sawuse telung sasi Giarto nginep ing hotel prodeo, Dini kang wus pegatan karo bojone iku kumpul kebo karo Prastawa. Rikala bobot sangang sasi, dheweke ditinggal minggat dening Prastawa, amarga kasempyok perkara Narkoba. Rikala dheweke nglairke bayine, Prastawa ketangkep polisi.

Dini putek pikire. Ora ngerti pakaryan apa kang bisa ngasilke dhuwit kanggo ngupakara bayine. Rikala wus kepepet, dheweke saguh nyambut gawe dadi babu. Pakaryan kang miturut dheweke paling ina menawa ditandhingke kelawan pakaryan-pakaryan liyane.

Tumekaning tanggal bayaran. Dini ora nampa dhuwit, nanging ganjaran awujud krangkeng wesi. Dheweke kajebloske sajroning pakunjaran amarga merjaya ndarane kang bakal ngrudapeksa iku kanthi munthu watu item ing sirahe.

Pintung taun sudurunge taun anyar, Dini metu saka pakunjaran. Urip karo anake ing omah warisan wong tuwane. Lagi rong sasi manggon neng omah, dheweke nampa tekane Giarto. Wong lanang kang isih duwe rasa tresna iku mratelakake marang dheweke kepengin nyambung taline katresnan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun