Ing jaman modern, alam kasunyatan lan pangimpen tansaya ora ana watese. Jam 10 esuk, Rinten wus tumekeng desa Wukirsari. Marang mbokdhene, Rinten blaka. Menawa mengko sore dheweke bakal dilamar. Krungu kandhane ponakane, wong wadon tuwa kuwi banjur atur-atur marang tangga teparone saperlu nyekseni ponakane kang bakal dilamar dening pawongan kutha.
Neng pawon, Rinten kang direwangi Bu Barjo lan Yu Semprul mangsak lan gawe panganan kanggo nyuguh tamu saka kutha. Krungu wong kulanuwun, Rinten tumuju ruwang ngarep. Kaget rikala nyawang Salimun kang teka. "Durung jame kok wis teka, Kang?"
"Aku mrene bakal ngenehi dhuwit marang kowe. Dhuwit sayuta kang wingi dakwenehake kowe kae ora cukup kanggo nyuguh rombonganku kang bakal ngeterake aku mengko sore. Luwih saka 50 uwong. Tampanana dhuwit limangyuta iki! Aku bali sikik."
Rikala ninggalake papan kuwi, neng latar Salimun ketemu mbokdhene Rinten kang mulih saka atur-atur. Tanpa dimangerteni dening Rinten, Mbokdhene ngunek-unekake Salimun. "Minggat Bajingan! Aja pisan-pisan wani ngancik neng omahku! Najis!"
Lungane Salimun kang kamigilan kuwi, jalari Rinten takon marang mbokdhene. "Kenging menapa Mbokdhe duka kalih tiyang kala wau? Tiyang menika ingkang sampun ngukup kula saking jugangan uwuhe kanistan. Menika wau Kang Salimun ingkang badhe nglamar kula mangke sonten."
"Aku ora sarujuk. Bajingan kuwi kang ninggalake mbokmu kang lagi mbobotake kowe. Nganti sadurunge kowe lair, mbokmu tak jak bali neng Wukirsari. Ninggalake pakaryane dadi pemulung neng kutha."
Rinten kang bobot 2 sasi kuwi, napase ngangsur-angsur. Jantunge karasa mandek ketege. Sumrepet pandelengane. Jagad katon peteng lelimengan. Bareng kenthongan titir kang tinabuh dening wong-wong rikala tumapake wektu grahana srengenge, Rinten ambruk ing jogan. [Sri Wintala Achmad]