Ing Dina senin tanggal 31 maret 2025 ,kulo sholat eid karo kanca kancaku nang masjid. Sawise sholat eid kulo karo kanca-kanca bersilahturahmi Karo warga desa lan foto bareng. Sawise kui kulo karo kanca-kanca balik meng umah dewek-dewek kanggo silaturahmi karo keluarga.
Ing dina keloro riyaya kulo karo kanca-kanca lunga meng umah kulo kanggo merencanakan kagiatan mancing nang kalen ngisor jembatan desa kulo. Sawise kui kulo karo kanca-kanca pada gelem lan pada langsung mangkat meng tempat kui. nang kana mancing kat jam 8 tekan jam 12 mung ulih 8 iwak tok sidane kulo lan kanca-kanca balik meng umah dewek-dewek.
Sawise balik mancing kulo sakaluwarga lunga meng umah dulur Kulo sing umahe neng kabupaten Banyumas. Ing kono kulo sakaluwarga bersilaturahmi marang dulur dulur kulo lan madang bareng. Jam uwis menunjukkan pukul 4 sore kulo lan keluarga balik mampir meng pantai suwuk. Nang kana pemandangane apike ra karuan apa maning sorean sunset e keton banget nek didelng kat pesisir pantai.
Pantai suwuk kui rekomen banget nggo liburan sekeluarga soale indah lan murah tiket melbune mung 10ribu permotor. nang kana mbarang akeh warung-warung kanggo madang lan jagongan disambi  karo ndeleng banyu laut sing indah kui. nang Kana juga ana tempat foto atau selfie lan kolam renang kanggo bocah cilik.
Sawise kui kulo lan sekeluarga balik meng umah amarga kesell sedina dewek ful lunga baee. Ing tekane umah kulo langsung sholat magrib lan sawise kui kulo langsung mapan turu neng kamar.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI