ngarit suket nganti mumet
mumet nglamun jagong dapur
gremat gremet asal slamet
slaman slumun tetep makmur
sega buket lawuhe iwak
iwak cilik mangan tomat
pengin slamet dunya akhirat
gawe becik karo umat
wesi paku nunjlep lawang
lawang titipan diselah neng buritan
lampah laku tiang gesang
gesang sepisan golet keslametan
botol pecah isi taji
taji sega lawuh kwaci
esih bocah sregep ngaji
besuk tua dadi kyai
nganggo peci mangkat sawah
mlaku githir weruh jubah
dadi kyai sregep da'wah
akeh batir sugih berkah
29042015
Â
Â
Wanto Tirta
BALI DESA
ndandeng luru pangan sandhang
taun-taunan ninggal sawah pekarangan
pisah sanak kadang
ninggal tradhisi padesan
tuku lenga nata waja
waja gedhe pipir kaca
suwe lunga maring kota
angel ngodhe ninggal desa