Bu Angry langsung klakep, jebul Muskil paham karo sing dewulangna wingi.
Guru liyane, sing melu sidang, paham ora paham fisika, slemengeren midhanget omongane Muskil.
KS sing kelingan dhong SMP dewulang Pak Toto, langsung dhong, langsung paham.
Priksa apa sing dadi dalan pikirane Muskil.
"Oh. Muskil. Ya, wis, aku paham. Kuwe pelajaran bab; Nada, Desah dan Dentum! Aku dhong SMP tahu dewulang kuwe!"
"Nggih, niku, Pak!"
"Ya wis. Siki Qo, bali maring kelas, nganah melu pelajaran!" ngendikane KS.
Muskil langsung menyat, plencing! Mlayu maring kelas.
Mbuh, apa urusane, sing penting wis bebas.
.
Guru-guru Bingung
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!