Guru-guru sing ana padha bingung. Deneng Muskil ora deukum. Malah bebas merdeka.
KS unjal ambegan. Terus gemujeng karo gedheg-gedheg, jebul Muskil pikirane mlaku.
Ora saben bocah kaya Muskil.
.
"Bu, Angry, kiye kertase Muskil, tek paraf, tek biji sanga!"
"Pak!" Suarane Bu Angry, sing maksude menging, ora setuju, ora rila karo keputusane KS.
Nanging KS wis mantep, jipet. Muskil deanggep bocah sing kreatif, nalare denggo, ora mung tiru-tiru, wangsulane cocog karo apa sing dewulangna.
KS terus karo gemujeng, gagean gawe angka sanga, sret.
Desogi paraf KS, guwek.
.
Mula kertase Muskil resmi ana bijine sanga sekang KS.
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!