Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok: Tetulung si Keket

31 Juli 2010   08:04 Diperbarui: 26 Juni 2015   14:25 205
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Lakune kethek kandheg ing sapinggiring kali. Senadyan ora sepiro ambane, nangging sarehne nedheng banjir mula iline banyu katon medeni. Banyune kang buthek, akeh sangkrah kang katut iline banyu. Ing sisih mengisor, rada sawetara adoh saka papan kuwi, ana grojogan kang rada dhuwur. Mula swarane kemrosak agawe girise sing krungu.

Ing sangarepe kethek mandheg, katon dhapuran gedhang kluthuk. Ing antarane wit gedhang ing dhapuran kuwi ana sing nembe awoh. Salah sijine tundhunan gedhang kluthuk sing mateng saja semendhe ana pange wit sukun. Mula si kethek enggal-enggal menek menyang pang sukun kuwi, banjur iwut ngonceki gedhang-gedhang kluthuk sing mateng nuli dipangan nganti sawarege. Senajan sajeroning who gedhang kluthuk akeh isine kang kaya krikil, nanging kadereng rasa ngelih lan ambune gedhang kluthuk sing pancen arum tenan, mula si kethek nganti entek selirang wutuh. “Senajan gedhang kluthuk iki akeh krikile, anggep wae kaya mangan gedhang ambon” batine si kethek sinambi mangan.

Sawise wareg wetenge, si kethek leyeh-leyeh semendhe wit sukun karo isih methangkring aneng pang mau. Matane kethek kang wis rada ngantuk kriyap-kriyip kuwi dumadakan mendolo ngawasake sawenehe barang kang kemambang ing banyu. Ditamat-tamatake wiwit saka kadohan nganti meh nyedhaki sangisroe wit sukun, katon obah-obah klogat-kloget. Matane si kethek ora samar maneh, menawa sing kemampul ing kali kuwi mau sawijine uler keket. Kelingan kedadeyan sawetara dina dheweke antuk pituduh saka uler keket kanggo golek pangan, lan uga kelingan kedadeyan ing mangsa sadurunge rikalane dheweke ditulungi bulus, si kethek golek akal kepriye carane nulungi uler keket sing keli kuwi. Arep nyemplung jeroning kali si kethek wedi menawa dheweke klelep lan malah melu keli.

Rada sawetara mikir golek cara kanggo nulungi si ler keket, si kethek ora njarag nyempal godhong sukun. Kapinujon wae tibane godhong sukun kuwi mau pas ana sacedhake si uler keket keli. Setengh kaget merga ana godhong kang tiba ana sandhinge, si uler keket mulet, lan tibane endhase uler mau pas ana sapinggire godhong sukun kuwi. Kanthi ngetog karosan, si uler keket munggah sandhuwure godhong sukun. Meruhi kahanan kuwi si kethek nyempal pang garing, kanggo nyuthik godhong sukun sing alon-alon keli kegawa banyu. Suwenening suwe godhong sukun kuwi bisa minggir ana sangisore dhapuran gedhang kluthuk, nyangkut kena klaras.

“Sedulur keket……………….., enggal-enggal awakmu menek nurut klaras kuwi. Merga yen ora, aku was sumelang godhong sukun kuwi yen kesempyok obahing banyu bisa keli enyang grojogan ing ngisor kono. Mula enggal-enggala menek mrene kanggo nylametake nyawamu” ngono pambengoke kethek ngabani si uler keket sing isih dheleg-dheleg ing sanduwure godhong sukun. Si uler keket ngetog karosan, gremet-gremet menek sadawane klaras gedhang kluthuk, banjur gegondhelan kenceng ing pupus godhong gedhang kluthuk.

“Matur nuwun ya……… sedulur kethek. Sampeyan wis nulungi aku, muga-muga liya wektu aku genti bisa aweh pitulangan marang kowe” ucape si uler keket bareng wis aring ambegane.

“Wah-wah……………… awakmu kakehan ngalem aku. Kamangka aku mau ora njarag nyempal godhong sukun, lan ndilalah tumibane ana sacedhakmu keli.” Semaure si kethek rada klincutan.

“Ya….. pancen kadang kala pitulungan kuwi kedadeyane ora di nyana-nyana. Iki mau aku wis pasrah sumarah marang kersane Pangeran. Menawa uripku kudu rampung dina iki, aku wis lila legawa. Ewa dene Pangeran isih welas marang aku lumantar godhong sukun sing mbok sempal, aku matur nuwun banget karo kowe, sedulur kethek.” Celathune si uler keket kebak panarima.

“Lha iki mau critane kepriye, koq nganti awakmu keli ana ing kali kang banjir iki?” si kethek miterang marang si uler keket.

“Ing sisih ndhuwur kana, iki mau udan deres sinartan angin lesus kang gedhe. Kapinujon aku nembe mangan pupus mahoni. Lha koq aku kontal katut angin lan tiba kemampul ing tengahe kali banjir. Saben-saben ana godhong utawa uthik kang keli ana sacedhakku, aku krekel-krekel munggah ing godhong utawa uthik mau. Nanging dhasar nasib lagi apes, bola-bali aku tiba maneh ing banyu, nganti entuk pitulunganmu iki mau” si uler keket nyritakake lelakone.

“Wis……. Ayo saiki awakmu dak gendhong, golek papan liya ngedohi pinggir kali iki. Sapa ngerti mengko bali ana lesus bareng karo udan maneh, mundhak lelakon awakmu keli kedadeyan maneh” celathune kethek karo tangane ngranggeh si uler keket banjur ditemplokake ing pundhake. “Gocekan sing kenceng ya……….” Ngucap ngono karo si kethek mudhun saka pang sukun lan mlaku sangisore wit-witan ing tengah alas mau. Bareng tekan ana ing sangisore wit alpukat, si kethek leren. Si uler keket ditemplokake ana pang wit alpukat kuwi, banjur si kethek leyeh-leyeh ing sangiisore wit alpukat. Lamat-lamat sadurunge matane merem amarga ngantuk si kethek krung swarane uler keket.

“Wah aku matur nuwun banget marang awakmu sedulur kethek. Sajak wit alpukat iki bakal dadi omahku sawetara suwe’. Si uler keket banjur menek menyang pang sing paling cendhek, tunuju pupus-pupus apokat sing ijo seger, lan bajur mangan kanggo ngiseni wetenge sing wis lekas kothong. Ewo dene si kethek turu nglepus ana sangisore wit alpukat nganti tekan wengi, ngimpi ketemu widadari saka kayangan.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun