Krungu onok sing bengak-bengok, wong-wong sing lagi podo istirahat nang omah, muleh ko sawah, langsung metu.
Wong-wong   : Onok opo? Onok opo?
Paimin            : Maman zina karo wedhuse!
Akhire wong sak dukuh heboh. Mak'e Maman sing tas teko ko sawah langsung mlayu-mlayu nang mburi omah karo nyincing jarite. Lik Kadi, Ndemin, Pak Dukuh, gak ketinggalan Bu Rianti sing lagi ngulang arek-arek cilik melu mlayu, pingin ngerti onok opo. Bareng ndelok pemandangan 27 taun ke atas iku (17 iku sik kenomen rek, makane arek saiki podo kendel-kendel) guru ayu iku langsung girap-girap, gak percoyo. Maman karo Carolina sing durung sadar digrujuk banyu trus langsung diarak nang Balai Dukuh. Sakdurunge Maman dikei sarung karo Lik Kadi (lek gak lak kesenengen awakmu sing mbayangno). Mak'e Maman sing gak kuat ndelok anake diarak karo dibengoki wong sak dukuh langsung geblak, semaput.
***
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI