Mohon tunggu...
Ratna Palupi
Ratna Palupi Mohon Tunggu... Pendidik

Saya Ratna Palupi, merupakan seorang pendidik di sebuah sekolah menengah di Purbalingga. Selain hobby menulis, sering mengisi suara menjadi Voice Over Talent, sering berkarya membuat antologi puisi, aktif menulis rilis di beberapa media, juga memiliki passion MC, Host, Presenter, Moderator, sering diundang di beberapa acara baik resmi kedinasan maupun di masyarakat. Punya prinsip bahwa sebaik-baik manusia adalah yang bermanfaat untuk sesama dan hidup ini menyenangkan maka jangan jadikan beban.

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Wewaler Larangan Adol Sega lan Sirih ing Bodas

20 Maret 2025   08:49 Diperbarui: 21 Maret 2025   05:25 133
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Nasi Bakar kuliner di Purbalingga / (Sumber FOTO: Dok Ratna Palupi for Kompasiana)

PURBALINGGA - Cerita wewaler ing Desa Bodaskarangjati, Kecamatan Rembang, Kabupaten Purbalingga, warga masyarakat percaya menawi boten pikantuk sadean sekul kaliyan sirih amargi dipercaya bakal kenging musibah/bebendu kados dene banjir ageng, griyanipun kobong, kenging penyakit kang angel tambanipun lan nelangsa gesangipun.

Miturut Tri Yulianto, S.Pd Guru SMKN 1 Kaligondang, wewaler puniko dipun anggit dening poro demang perdikan cahyana (13 demang wonten kecamatan karangmoncol, 8 demang wonten kecamatan rembang. Sedoyo cacahe wonten 21). Titikanipun inggih piagam saking sultan demak bintoro tahun 1403. Piagam ingkang surasane paring tanah kaputihan kagem bales jasa syekh makhdum wali prakosa.

Ing piagam puniko wonten wewaler, sinten kemawon ingkang ngowahi tanah perdikan meniki (ngowah status kepemilikan) lan agegawe aniaya ora dihalalke dunia akherat dening sultan, lan dipun paringi gutukullah (kutukan saking Allah) ugi pikantuk bebenduning poro wali ingkang wonten ing nusa jawa.

Wewaler poro demang titikane pitutur : "yen kowe nerima mangan wedhi krikil, ora susah lunga-lunga ing wengkonku"
Ingkang ateges poro demang kedah anduweni sipat loman tumrap samubarang tiyang.
 
Titikan menika mujud wonten salah setunggale adab jamuan. Bilih sinten kemawon musafir nopo dene warga ingkang butuh pangan. Kedah dipun cawisake dening poro demang. Menawi boten di cawisi puniko kalebet tumindak aniaya.
Saklajenge dados larangan/wewaler adol sekul kaliyan sirih. Sebab ing jaman sakmono sekul lan sirih niku kagem jamuan poro tamu. (Setu, 27 Mei 2023).

Ing pergeseraning jaman, tedhak turunipun poro demang inggih ngugemi wewaler puniko. Akhire dados tradisi masyarakat setempat bilih ing sekitar perdikan cahyana meniko mboten angsal sade sekul kalihan sirih.

Miturut saktunggaling narasumber sanesipun, Kaki Jaya Sukarta warga Desa Bodaskarangjati, Kecamatan Rembang, Kabupaten Purbalingga, ngendika : "menawa Kerajaan Galuh Pakuan (Jawa Barat) kalah perang karo Raja Argandana. Sebab gara-gara kue Ratu Roro Santang minggat maring Desa Keputihan sing lewih dikenal Desa Bodaskarangjati. Terus Roro Santang minggat ora dewekan ning karo wargane. Roro Santang duwe anak arane Dewi Rantansari, banjur Roro Santang pesen ming anake "Ngemben rejaning jaman ora kena adol sega, nganggo iket wulung, ora kena nganggo klambi warna gadung, gelung parerantan, ora kena adol kinang karo ora kena meme nang payon, ora kena ngo payon duk. (Minggu, 5 Februari 2023)

Ning menurut Kaki Tasmiarji nek wong Bodas ora olih adol sega gara-gara gemian pas Jaga Pati perang, wong bodas akeh sing pada adol sega tapi Jaga pati kalah perang, bali maring bodas Jaga pati numpak kuda tapi sirahe wis ora ana gara-gara kalah perang, dadi ana sing percaya kon aja adol sega mbok uripe apes kaya Jaga Pati. (Minggu, 5 Februari 2023)

Ana sing ngomong jere wong Bodas ora olih adol sega gara-gara penuggu nang punden Keramat ora ngolihna. Punden keramat kue jere isine kerajaan sing ora bisa dideleng nang kabeh wong kur wong pira tok sing teyeng ndeleng kerajaan nang keramat lan jere ana pangeran sing bagus.

Sekang kono warga percaya nek wong Bodas apa wong sing urip nang Bodas ora olih adol sega karo kinang lan liane. Tapi ana bae wong sing ngeyel tetep adol, nalika wiwitan pancen rezekine akeh, lancar, dagangane payu terus nanging nalika wis agi sugih hartane pada ilang kabeh, mbuh gara-gara keluargane ana sing kena penyakit sing angel ditambani, umahe kebakaran, trus umahe kebanjiran lan diimpeni sosok wong ireng gede sing marakna ora lali turu.

Ora kudu asli wong Bodas sing ora olih adol sega, contone semisal due umah nang Desa Bodas, trus mbojo karo wong Bodas juga ora olih adol sega. Semisal ana wong wadon mbojo karo lanang wong Bodas, sing wadon olih adol sega ning sing lanang ora olih melu campur, modal ngango duite sing wadon aja ngo duit sing sekang bojone, nek arep ngo mangan aja karo duit hasil dodolan sega, hasil dodolan sega paling dienggo kanggo keperluan pribadi sing wadon.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun