Susuben atau bahasa Indonesiane ketusuk duri, Â pastine kabehe wong pernah ngrasakna sing arane susuben, jenis susuben kue bisa kena biting, kayu cilik nemen manjing jentik atawa nang sekitar awake wong, ana maning susuben karena eri iwak, akeh yah jebule jenise susuben.
Anane wong kesusuben kue rasane perih, lara lan pegel, pastine maning ora nyaman rasane suwe marine digawa lunga.
Pernah ngrasakna kesusuben Sedulur ???
Anane wong kesusuben kue bisa nyebabna getih kentel, yen di cekel semelet nemen, boro boro di cekel wong di demon be krasa pegel.
Miturut Cathy Johnson sing RN Science and Healt Unit ngutip sing detikhealt, kesusuben kue yen di menengna gawe masalah serius, nanging yen sepuluh kasus kesusuben manjing kategori enteng, soale bisa langsung di comot, memang yen kesusuben kue pasti gawe mbengkak lan uga gawe infeksi, anggane sarane Cathy Johnson yen kesusuben kesusu di jukut ben ora nimbulna masalah maning.
Wong-wong bisa marikna saat kesusuben akeh carane, salah sijine di rendem banyu anget sit, sawise kue ya tetep di metukna anggo jarum pentul lan liyane, yen perih ya aja di paksa, anggo bawang putih bisa di gosokna nang area sing kesusuben, yen metu sing kesusubene.
Pada bae karo sing arane kasus kecocos paku, nang, biasane wong sing kecocos ya nang ingsor sikil, perihe gawe njarem nemen, bisa gawe getihen uga, gelem ora gelem kudu age age di jukut lan di cabut ben ora nimbulna masalah serius, nanging yen kecocos paku age-age di tambani antibiotik sing arane betadin, akeh ikian sing antibiotik kiye nang warung lan apotik yah akeh.
Dadine sapa bae, kudu ati-ati agening wes ati ati kecocos apa bae ya arane menungsa kudu ngalami sacuil masalah nanging yen cepet di tambani ya mari.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI