Mohon tunggu...
Cahyadi Takariawan
Cahyadi Takariawan Mohon Tunggu... Konsultan - Penulis Buku, Konsultan Pernikahan dan Keluarga, Trainer

Penulis Buku Serial "Wonderful Family", Peraih Penghargaan "Kompasianer Favorit 2014"; Peraih Pin Emas Pegiat Ketahanan Keluarga 2019" dari Gubernur DIY Sri Sultan HB X, Konsultan Keluarga di Jogja Family Center" (JFC). Instagram @cahyadi_takariawan. Fanspage : https://www.facebook.com/cahyadi.takariawan/

Selanjutnya

Tutup

Filsafat Pilihan

Dadi Wong Jowo Ojo Nganti Ilang Jawane

20 September 2022   07:09 Diperbarui: 20 September 2022   07:27 2016
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Ono maneh manungso kang dadi sombong, rumongso sempurno, amargo nduweni panguwoso. Iki kang kasebut adigung. Kanthi panguwasane, dheweke biso ngalahake kabeh manungso. 

Malah keporo biso ngasorake kabeh manungso. Dheweke biso dadi rojo kang disubyo-subyo kabeh manungso, tanpo ono kang wani sumelo. Watak adigung iki mbebayani tumraping gesang bebrayan amargo seneng migunakake panguwasane kanggo kepentingane dhewe.

Ono maneh manungso kang rumongso paling pinter, paling akeh ilmune, paling hebat ing sakabehe. Dheweke biso tumindak durangkoro ing sapodo-podo amargo migunakake ilmune kanthi culiko. Iki kang diarani watak adiguno. Manungso kang kelalen marang sangkan paraning dumadi amargo rumongso kebak ngelmu. Ora ngrumangsani yen kepinterane iku wis njalari keblinger.

Menowo telu telune sifat angokoro iku diduweni sawijining menungso, iku koyo dene Prabu Rawono Rojo utowo Dosomuko. Kesugihane, panguwasane, lan akehing ilmune, ora ndadekake dheweke dadi manungso kang andhap asor, lembah manah, pinter ngajeni sapodo-podo, mulyakake kang luwih tuwo, ngayomi kang luwih mudho.

Pribadi kang koyo mangkono iku ora biso miturut dhawuhe sopo wae, sanajan pimpinane. Amargo dheweke rumongso luwih ing sakabehe. Mulane "telu pisan mati sampyuh", ora ono sing bakuh.

Al Qur'an ugo wis mratelakake pocapane poro pengageng Bani Israil naliko Thalut diutus dadi pimpinane. Pengagenge Bani Israil kang rumongso luwih apik tinimbang Thalut, ora biso nrimo: "Anna yakunu lahu al mulku alaina, wa nahnu ahaqqu bil mulki minhu, wa lam yu'ta sa'atan minal maal".

Kurang luwih maknane: Kados pundi to, kok Thalut saget dados pemimpin kawulo, kamongko kawulo sakalangkung pas dados pemimpin, malah keporo Thalut boten nggadhahi bondho. Koyo mangkono iku kang wis kasebut ing surat Al Baqoroh ayat kaping 247.

Lha kepriye anggone biso mirengake dhawuhe Nabi, yen piyambake tansah rumongso luwih tinimbang sakabehe. Naliko ora duweni pemimpin, nyenyuwun supoyo diparingi pemimpin. Bareng wis diparingi pemimpin, malah mokah amargo rumongso luwih apik tinimbang pemimpin sing wis diutus dening Nabi.

"Wa nahnu ahaqqu bilmulki minhu", kawulo meniko sakelangkung pas dados pemimpin tinimbang Thalut. Amargi Thalut boten gadhah bondho donya. Koyo ngono iku pocapan sing ora njowo.

Ono maneh manungso kang luwih asor derajate. Yoiku manungso kang ora duwe bondho, ora duwe kuwoso, ora duwe ngelmu kang nyoto, ananging andarbeni watak durangkoro. Mbok menowo koyo mangkene iki sing diarani 'ciloko mencit'.

Yen watak adigang, adigung lan adiguno iku kawitane soko akehing bondho, dhuwuring panguwoso sarto jembaring ngelmu; tegese pancen isih ono sing diagung-agungno. Lha yen manungso ora duwe opo-opo kok isih nekat sombong lan sok kuwoso, iki wis pancen kebangeten anggone ora njowo.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun