Mohon tunggu...
SANTOSO Mahargono
SANTOSO Mahargono Mohon Tunggu... Pustakawan - Penggemar Puisi, Cerpen, Pentigraf, Jalan sehat, Lari-lari dan Gowes

Pada mulanya cinta adalah puisi. Baitnya dipetik dari hati yang berbunga

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Ojo Ngalup Nang Ndeso Sik, Ayahab!

9 April 2020   22:48 Diperbarui: 10 April 2020   11:56 291
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Tak terusno yo, lha saiki umpomo umak ngalup nang ndeso, lak podo karo usung-usung molo nang ndeso. Nggarai molo tok. Lha opo nang ndeso wis akeh alat tes ngge mrikso wong teko kutho liyo? lak durung seh? Bayangno, umak teko hamur, terus umpamane numpak angkutan umum utowo numpak libom pribadi ta lah, terus nang embong ketularan, mbuh teko nyekel opo ta opo kono, utowo pas omong-omongan ambek genaro liyo terus nggowo virus. Iso ae pas mampir nang warung kerono kaliren nyekel sendok utowo gagange lawang, iku yo iso nggowo virus.

Engko lak kabeh ngalup nang ndeso terus podo nggowo molo sing jenenge virus iku lak maleh sak'aken rumah sakit sing nang ndeso, wis usume riyoyo malah podo gering kabeh. Yo lek alate lengkap, doktere akeh, terus layanane yo cepet, lek suwalik e terus umak arepe dadi opo? Lha wong sing Jakarta ibukota negara ae kekurangan nggon ngge ngrumat wong gering corona, opo maneh nang ndeso, wah ciloko temenan engko.

Lek diitung-itung, genaro ewedan iso nularno virus nang rong genaro utowo petang genaro, lha lek sing ngalup nang ndeso onok genaro sewu lak kari ngepingno ae. Riyoyo tambah mobal kabeh viruse. Dadi lek manut jarene wong-wong kedokteran ngalup nang ndeso iki ayahabe tingkat dewa.

"Kan pemerintah yo ora njegidek ae jes, mesti enek ketentuane pas ngalup nang ndeso?"

Oh kadit ngono jes. Umak lak eruh ewed to yak opo wong Indonesia, angel kandan-kandanane. Kabeh sak karepe ewed. Lek wis ciloko baru getung. Getun pancene nek mburi nggon-nggonane, lek ndek ngarep jenenge pendaftaran jes.

"Jancik ngisruh tok, tiwas tak rungokno metenteng" jare nawak ewed.

Loh iki serius jes! sumpah temen, serius, gak bijuki ayas. Malah rencanane pemerintah iku arepe ngurangi angkutan umum sampek tekes persen. Duduk angkutane tok sing dikurangi, semisal lungguhe onok tekes yo kudu digangi utowo rodok benggang lungguhe. Mari ngono jarene pemerintah arepe ngundakno rego karcis. Terus sing numpak adepes kadit oleh goncengan.

Tapi, iku kabeh kan rencana jes, kadit onok jaminan viruse kadit nular nang ndeso. Opo maneh misale tekan ndeso terus disingitno disik utowo diisolasi sak suwene pat belas dino, sopo sing ngurusi? memes kanalmu a? memes kodewmu a? kadit mungkin jes. Lha percuma lak-an ngalup pengen ketemu memes kanal ambek memes kodew tapi malah singitan disik.

Wis to manuto ayas, sementara iki umak ojo ngalup nang ndeso disik jes, opo maneh umak ASN, wis diperingatno ambek Kemendagri, lek nekat iso kenek sanksi umak engko. Mbuh dipotong ojire utowo kadit munggah pangkat, malah ciloko sak bajeg.

Dadi iki duduk perkoro gocik jes, tapi pancen ayahab banget. Oskab nang Ngalam lak sik kane seh jes? Mulane kadit ngalup nang ndeso disik, umak lek sehat iso nakam weci, senjem, tempe mendol, etas, lecep, otos ambek oges ngerog.

Nang Ngalam ae wis, kadit nang ngendi-endi, ndek hamur ae. Umak iso ngayambes, narapas, kumpul ambel kana umak, kelon ambek ojob, ambek masak-masak opo kono sak isone. Nontok film yo kenek. Kadit mikir sing tewur opo maneh nendes kombet. Kadit ukut ujab anyar, raijone gaji 13 iso ditransfer nang memes kanal ambek memes kodew liwat M-Banking. Umpomo raijone umak siso yo iso nggo bantu tonggo kiwo tengen sing gak mampu. Lek kepengen njaluk sepuro yo cukup video kolan ae, umak puas sing nang ndeso yo aman.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun