Pambuka
Indonesia kalebet nagari kang sugih kabudayan lan tradisi. Saka Sabang dumugi Merauke, saben daerah gadhah upacara adat kang nggambarake jati diri, tata krama, lan falsafah urip masyarakaté. Salah satunggal tradisi kang isih lestari nganti sapunika, utamane ing tanah Jawa, yaiku upacara panggih. Upacara punika minangka prosesi wigati ing pawiwahan adat Jawa, kang dados pralambang pepanggihaning penganten kakung lan penganten putri, saha minangka pratandha penyatuan antarane kalih kulawarga ageng.
Upacara panggih dudu namung seremoni lumantar adat, nanging ugi ngemot piwulang urip kang jero lan luhur. Saben gerak, sesaji, lan tembung ing prosesi punika gadhah teges lan makna kang jembar, nggambarake nilai-nilai kesopanan, katresnan, tanggung jawab, lan andhap asor. Panggih paring piwulang bilih pawiwahan dudu namung penyatuan antarane loro tiyang, nanging ugi penyatuan antarane kulawarga lan bebrayan ageng kanthi rasa ajrih lan ngajeni.
Masyarakat Jawa nganut prinsip urip kang adhedhasar ngajeni, gotong royong, tanggung jawab, lan kerukunan. Kabèh nilai kasebut kawujud cetha lumantar upacara panggih. Mula saka iku, panggih saged diarani minangka cerminan kabudayan Jawa kang sugih filosofi lan ajining dhiri. Ing jaman modern sapunika, nalika akeh tiyang enom luwih remen nggelar pawiwahan kanthi gaya praktis lan modern, panggih tetep dados pratanda kekuwatan identitas budaya kang ngrembaka ing tengah owah-owahan jaman.
Nanging, ora saged dipunginkari bilih panggih ngadhepi tantangan ageng. Akeh generasi enom kang nganggep upacara adat punika ribet, mbetahaken wekdal dawa, lan ora praktis. Kajaba iku, pengaruh budaya manca lan media sosial njalari sebagian masyarakat alpa marang makna sejati ing balik upacara punika. Amarga punika, kathah pawiwahan modern ingkang ora nemtokaken panggih minangka pérangan saka prosesi.
Sanadyan mekaten, panggih sejatiné nggambarake warisan budaya kang ngemu nilai luhur, mula kedah tansah dipelestarekake. Ngraosaken makna lan ngudi pangertosan saka saben tahapan panggih badhé ndadosaken generasi enom luwih ngajeni warisan budaya lan ngreksa ajining bangsa. Nguri-uri tradisi panggih tegesipun boten namung nglestarekake upacarané, nanging ugi njaga piwulang moral lan filosofi kang ndadekake masyarakat Jawa tetep nduweni ciri khas lan ajining dhiri.
Mula saking punika, wigatos sanget kanggé ngrembag kados pundi panggih minangka warisan budaya saged tetep lestari ing antawisipun owah-owahan lan tantangan jaman modern, saha kados pundi masyarakat saged nemokake imbangan antawis pelestarian tradisi lan kabutuhan jaman sapunika.
Makna lan Filosofi Upacara Panggih
Tembung panggih tegesipun “ketemu” utawi “pepanggihan”. Ing konteks pawiwahan, panggih dipun tegesi minangka pepanggihan suci antawisipun penganten kakung lan penganten putri sasampunipun nglewati prosesi akad utawi ijab qabul.
Saben tahapan ing upacara punika ngemu teges lan makna kang jero:
Balangan Gantal, pralambang katresnan lan rasa tresna kang dipun wenehake kanthi tulus antarane kalih penganten.
Wiji Dadi, pralambang kasetiaan, keteguhan ati, lan tekad kanggo bebrayan kang langgeng.
Sinduran lan Kacar-Kucur, nggambarake tanggung jawab penganten kakung ing ngupaya nafkah lan ngopeni keluarganipun.
Dulangan, minangka pralambang katresnan lan kebersamaan ing gesang omah tangga.
Sungkeman, minangka puncak pangajenging sembah lan pangajeng-ajeng pangestu saking para wong tuwa.
Liwat lambang-lambang punika, upacara panggih nyemai nilai-nilai luhur kados tanggung jawab, katresnan, lan ajining kulawarga, kang dados dhasar utama tumrap urip bebrayan.
Panggih Minangka Warisan Budaya
Minangka salah satunggaling bagean saking kabudayan Jawa, upacara panggih kalebet warisan budaya ora ketingal (warisan budaya takbenda). Tradisi punika dipun warisaken turun-temurun lan dados identitas masyarakat Jawa kang ngajeni etika lan tata krama.
Upacara panggih ugi nduduhake sepira kiyatipun nilai gotong royong lan rukun bebrayan, amargi kalaksanane ora namung dening kalih penganten lan keluarganipun, nanging ugi nglibatake tangga teparo lan masyarakat sakupenge. Tradisi punika mbangun rasa nyawiji, kebersamaan, lan saling tulung tinulung ing antarane warga.
Tantangan Ing Jaman Modern
Sasampuné jaman saya maju, kelestarian upacara panggih saya kathah ngadhepi tantangan. Pola urip modern, konsep intimate wedding, lan pengaruh budaya manca ndadekake sebagian generasi enom nganggep upacara adat punika rumit lan ora praktis.
Kajaba punika, faktor biaya lan kurangé pangertosan babagan makna filosofis ndadekake sawetara pasangan milih mboten nindakaken panggih nalika pawiwahan.
Sanadyan mekaten, isih kathah generasi enom ingkang tetep kepengin nglestarekake tradisi punika kanthi cara nyelarasake wujud upacarané supaya tetep prasaja nanging ora ngilangake makna lan filosofi sakral ing njero upacara kasebut.
Upaya Kangge Nglestarikake Tradisi Panggih
Kangge nglestarekake panggih supados tetep urip lan dipun tresnani dening generasi enom, saged katindakaken sawetara upaya kados makaten:
Pendidikan budaya ing sekolah-sekolah lan komunitas masyarakat, supados para siswa lan mudha paham teges lan nilai-nilai luhur panggih.
Dokumentasi lan digitalisasi prosesi panggih, supados saged dipun sebar lan dipun sinau dening generasi anyar kanthi luwih gampang.
Kerjasama antarane pamaréntah, budayawan, lan pelaku pawiwahan, supados tradisi punika tetep dipun uripake sanadyan kahanan jaman owah.
Ngamalké nilai-nilai panggih ing gesang saben dinten, kados rasa hormat, tanggung jawab, katresnan, lan kebersamaan.
Panutup
Upacara panggih dudu namung prosesi pawiwahan, nanging warisan budaya kang ngemot piwulang urip lan nilai-nilai luhur kabecikan. Ing tengah arus globalisasi lan owah-owahan jaman, ngreksa lan nglestarekake panggih tegesipun njaga jati dhiri bangsa lan ngajeni warisan para leluhur.
Modernisasi pancen perlu, nanging oyod budaya kudu tetep dipun jaga, supados ora musna kasirep jaman. Tradisi panggih minangka pepeling bilih kabudayan Jawa ora namung ngluhurake estetika, nanging ugi ngugemi moral, rasa tresna, lan ajining manungsa.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI