Pambuka
Indonesia kalebet nagari kang sugih kabudayan lan tradisi. Saka Sabang dumugi Merauke, saben daerah gadhah upacara adat kang nggambarake jati diri, tata krama, lan falsafah urip masyarakaté. Salah satunggal tradisi kang isih lestari nganti sapunika, utamane ing tanah Jawa, yaiku upacara panggih. Upacara punika minangka prosesi wigati ing pawiwahan adat Jawa, kang dados pralambang pepanggihaning penganten kakung lan penganten putri, saha minangka pratandha penyatuan antarane kalih kulawarga ageng.
Upacara panggih dudu namung seremoni lumantar adat, nanging ugi ngemot piwulang urip kang jero lan luhur. Saben gerak, sesaji, lan tembung ing prosesi punika gadhah teges lan makna kang jembar, nggambarake nilai-nilai kesopanan, katresnan, tanggung jawab, lan andhap asor. Panggih paring piwulang bilih pawiwahan dudu namung penyatuan antarane loro tiyang, nanging ugi penyatuan antarane kulawarga lan bebrayan ageng kanthi rasa ajrih lan ngajeni.
Masyarakat Jawa nganut prinsip urip kang adhedhasar ngajeni, gotong royong, tanggung jawab, lan kerukunan. Kabèh nilai kasebut kawujud cetha lumantar upacara panggih. Mula saka iku, panggih saged diarani minangka cerminan kabudayan Jawa kang sugih filosofi lan ajining dhiri. Ing jaman modern sapunika, nalika akeh tiyang enom luwih remen nggelar pawiwahan kanthi gaya praktis lan modern, panggih tetep dados pratanda kekuwatan identitas budaya kang ngrembaka ing tengah owah-owahan jaman.
Nanging, ora saged dipunginkari bilih panggih ngadhepi tantangan ageng. Akeh generasi enom kang nganggep upacara adat punika ribet, mbetahaken wekdal dawa, lan ora praktis. Kajaba iku, pengaruh budaya manca lan media sosial njalari sebagian masyarakat alpa marang makna sejati ing balik upacara punika. Amarga punika, kathah pawiwahan modern ingkang ora nemtokaken panggih minangka pérangan saka prosesi.
Sanadyan mekaten, panggih sejatiné nggambarake warisan budaya kang ngemu nilai luhur, mula kedah tansah dipelestarekake. Ngraosaken makna lan ngudi pangertosan saka saben tahapan panggih badhé ndadosaken generasi enom luwih ngajeni warisan budaya lan ngreksa ajining bangsa. Nguri-uri tradisi panggih tegesipun boten namung nglestarekake upacarané, nanging ugi njaga piwulang moral lan filosofi kang ndadekake masyarakat Jawa tetep nduweni ciri khas lan ajining dhiri.
Mula saking punika, wigatos sanget kanggé ngrembag kados pundi panggih minangka warisan budaya saged tetep lestari ing antawisipun owah-owahan lan tantangan jaman modern, saha kados pundi masyarakat saged nemokake imbangan antawis pelestarian tradisi lan kabutuhan jaman sapunika.
Makna lan Filosofi Upacara Panggih
Tembung panggih tegesipun “ketemu” utawi “pepanggihan”. Ing konteks pawiwahan, panggih dipun tegesi minangka pepanggihan suci antawisipun penganten kakung lan penganten putri sasampunipun nglewati prosesi akad utawi ijab qabul.
Saben tahapan ing upacara punika ngemu teges lan makna kang jero: