mungsuh sing paling nyumelangi
dudu wong sing sengit karo kowe
dudu wong sing meri karo kowe
dudu wong sing nggowo gaman nyumpah-nyumpahi kowe
dudu wong sing kepingin gawe cilakamu
dudu wong sing ngajab patimu
mungsuhmu sing paling mbebayani
ora liya mung awakmu dhewe
kalahna lan asorna dhisik awakmu dhewe!
yen kasil
mungsuh-mungsuhmu sing mbebayani
tak kira ora nyumelangi maneh
lan ora kudu dikalah maneh.
13.12.2018
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!