"Yo. Iso wae to. Wong Sinuhun kuwi piyayi kang linuwih." jawab Bagong.
"Ora ngono Gong. Lha wong kabeh media komunikasi darat lagi do acuh tak acuh  ki piye, beritane iso sumebar sak intering bumi Moyopodo nek ngono carane."
"Kan jaman sak iki wis jamane medsos Kang Gareng. Sing penting sing ditaburi banyu suci prewitosari kuwi dudu mesin, opo meneh akun bodong. Sing dipanah Pasopati ati kang sawiji lan junjung kamulyan jati.
Lha nek mesin sing ketiban banyu perwito sari, yo ora ngrembes. Opo meneh nek supply BBM e telat, yo mesine macet. Soyo soyo nek sing bengok bengok kuwi akun sing ora jelas juntrungane, yo wis garek ambles wae." kata Bagong.
"Nek ngono, ayo gek toto toto, melu cawe cawe, awake dewe Gong." kata Gareng.
"Noto ati, Noto budi, Nata de Coco." seru Bagung.
"Lho, kok ndadak nganggo Nata de Coco barang to Gong." tanya Gareng.
"Yo ben renes to kang Gareng. nek ketemu konco salamane iso luwih raket, kene nggowo Nata de Coco, kono nggowo Indomie Goreng, ngono lho. Mosok berjuang kok tanpa modal." seru Bagong. Â Â Â Â
----
"Masya Allah Gong yen sinawang soko mandrowo, kawulo Moyopodo sing kumpul aman damai tertib nang Monas, nganti mayuto-yuto." seru Gareng.
"Yo kuwi mau, sing nompo banyu suci perwito sari dudu mesin lan akun bodong, dadi yo viral tenan.
Wis genah lagi do ketiban nDaru kae. Â Alhamdulillah. Ayo gek sowan sinuhun Reng." seru Bagong.