"Moro gedrugen bumi Moyopodo, sebarno banyu suci perwitosari, supoyo poro priyayi Moyopodo podo mangerti marang 'Sangkan Paraning Dumadi', Gusti Allah Ingkang Murbeng Jagat." perintah Prabu Kresno.
"Tak estoke dawuhmu." Â jawab Bima.
"Dimas Arjuna." seru Prabu Kresno.
"Ngestoaken dawuh, Kaka Prabu Kresno." jawab Arjuna.
"Coba mentengen gendewa, pasangen panah Pasopati, supoyo iso dumunung nang sakjeroning ati, piyayi piyayi ingkang suci budi pekertine, wani ninggalake kamulyan kadonyan, mung kanggo ngestoake dawuhi gusti Allah Ingkang Murbeng Dumadi." seru Prabu Kresno.
"Ngestoaken dawuh, Kaka Prabu." jawab Arjuna.
"Nakulo-Sadewo." seru Prabu Kresno.
"Kasinggihan Kaka Prabu Betoro Kresno." jawab si kembar Nakula Sadewa.
"Ojo mung ijik kliwir nggolek barang, ngumpulke barang meneh, ayo melu cawe cawe bantu bantu sedulur sedulurmu sing podo kepingin ngudi karaharjan, semeleh karo kersaning Gusti Allah Ingkang Hakaryo Jagad." seru Prabu Kresno.
"Ngestoaken dawuh, Kaka Prabu Kresno." jawab si kembar Nakula Sadewa.
Di belakang panggung, Gareng berdiskusi dengan Bagong.
"Gong, opo yo iso, Kanjeng Sinuhun Prabu Betoro Kresno kuwi ngrancang supoyo poro kawulo Moyopodo ki iso ketiban nDaru ?" tanya Gareng.