Mohon tunggu...
Marul Prihastuti
Marul Prihastuti Mohon Tunggu... pegawai negeri -

dengan teru teru bozu digantung terbalik dan sepeda ungu

Selanjutnya

Tutup

Fiksiana

Jer Basuki Mawa Beya

8 Oktober 2015   19:55 Diperbarui: 8 Oktober 2015   20:14 57
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Fiksiana. Sumber ilustrasi: PEXELS/Dzenina Lukac

“Andri, Tanto, mboten pareng tumindak culika nggih, ayo saiki Andri pindah lungguhe. Kana Ndri, kowe pindah jejer Susilo,” ujug-ujug Bu Guru ngendika.

Klunthuh-klunthuh Andri pindah papan anggone lungguh. Nyeraki Susilo kang pancen lungguh dhewe ora ana jejerane.  Tanto sansaya judheg, biasane yen dheweke ora isa nggarap, mesthi dikandhani dening Andri.  Saiki Andri adoh, ora isa ngandhani.  Saking judhege, Tanto ngawur anggone nggarap ulangan.

Sakwise ulangan rampung, wektu iku uga hasil ulangan padha dirembug lan dicocokke.   Bocah-bocah kang didangu Bu Guru maju nggawa buku ulangane banjur dibiji.  Saka bocah rongpuluh ing kelas iku, akeh-akehe oleh biji wolung puluh. Mung bocah siji kang oleh biji telung puluh. Iya, bocah kuwi mau ora liya ya si Tanto.  Tanto isin, mripate mbrambangi. Nanging kepiye maneh?

Rampung anggone paring biji, Bu Guru ngendika marang kabeh bocah ing kelas iku.  Menawa sinau iku kanggo sakdawaning umur. Ora mung dinggo saiki ana ing sekolahan.  Bocah kang sregep sinau, sesuk-sesuke mesthi dadi wong kang migunani.  Bisa mikul dhuwur mendhem jero tumrap wong tuwa, agama, lan nusa bangsane.  Kabeh pangangkah mesthi bisa kelakon, angger sregep mbudidaya lan sregep ndonga.  Paribasane, jer basuki mawa beya.

Tanto manthuk, rumangsa mathuk marang welinge Bu Guru.  Ing batine, dheweke kudu bisa.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Fiksiana Selengkapnya
Lihat Fiksiana Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun