Mohon tunggu...
Lina Maisaroh
Lina Maisaroh Mohon Tunggu... Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Anoman Wati

15 September 2020   11:55 Diperbarui: 15 September 2020   14:03 1109 7 1 Mohon Tunggu...
Lihat foto
Anoman Wati
Sumber gambar: sumber foto pribadi

Panyuwunku mung siji, yaiku kudu bisa ngadepi kahanan iki. Kahanan kang bisa diarani apes, saru lan ngisin-isini. Ananging kepiye meneh wong wis kadung kebanjur. Yen aku nyalahake kahanan kang wis mau ya ora ana temune. Dadi aku saiki kudu ngadepi kanthi ati-ati lan wani nanggung resiko.

Ora maido yen saiki ning sirahku kebak reka-reka supaya aku bisa uwal saka kahanan iki. Sirah panggah muyer amarga kakehan olehku nduweni cara. Arep teka anjlok kok kayane kuwi cara kang muspra amarga ketara yen ora dipikir dawa, padha wae kaya bocah SD kelas 3 kang imbas-imbis nalika konangan gawe perkara. Arep mibur nanging ora nduweni suwiwi, arep ngilang ya ora bisa.

"Ealah!" Aku nggedek karo awakku dhewe kang kaya-kaya wis memeng mikir kahanan iki. Aku nuli hambegan landung supaya bisa mikir maneh, ngolehake cara kang luwih becik lan apik.

Ing tengah rereka cara kang logis, kok ya ana wae pikiran konyolku supaya aku memba-memba dadi wewe gombel utawa genderuwo wadon kang baureksa ing tlatah iki. Ananging raiku kurang medeni, untu gingsulku ora bisa diarani siung amarga kurang dawa. Dasare sandhangan kang tak enggo saiki kembang-kembang abang lan kuning. 

Wewe gombel ngendi kang nyeyandang kaya ngono kuwi. Yen aku ethok-ethok dadi peri, kuwi udu aku banget. Ora ana peri kang pethakilan kaya aku. Ora bakal ana ora ketang mung siji. Menawa ana, kuwi mesti genderuwo kang memba-memba dadi peri kang sidane dadi peri banci, peri setengah mateng ora mbenjaji.

"Ealah ana kahanan kok werna-werna," batinku njerit-njerit. Lambeku ndremimil ndonga supaya kahanan iki enggal uwis. Olehku ngampet wis kesel, sikilku pedes anggone mancik, tanganku kayane nganti kapalen anggone gocekan. Aku pengin ngamuki lemut dan rengit kang pating clekit ning sikil gading gajahku. Arep tak teblek bakale gawe suwara, sidane tak jarke mboko aku kuwatir yen kena demam berdarah utawa getihku entek.

Aku nglenggak, namatake langit kang biru resik. Adoh saka pinyuwunanku supaya udan kareben bisa mlayu sak adoh-adohke banjur ndelik ana ngomah. "Duh Gusti, aku pengin nduweni kanca gundul pringis ben bisa tak tibakake ana ngisor kana kae."

Terus terang wae aku getun kok ya mau nduweni kekarepan ngapek rambutane Pak Jackson. Menawa ora sida mono mesti bakalane ora ana kedadean kaya ngene iki. Pancen aku ora tau diwenehi buah saka tangga teparo, aku mesti dikon ngapek dhewe amarga padha ngerti yen aku iki pinter memenek. Yen ana sing nduweni wit buah kang mangsane panen, aku angot dikon ngewangi panen utawa ngapek dhewe yen aku pengin mangan. Cekake menawa aku menek wit buah tanpa nembung ora bakal ana kang ngarani aku nyenyolong.

"Kana milih dhewe, Na." Pak Jackson mesem karo aku kang isuk-isuk wis mara. Aku pancen seneng nalika Pak Jackson kang nawakake amarga buah-buah ning kebone maneka warna. Ana manggis, rambutan, pelem, jambu, dondong lan duku. Pak Jackson ora tau ngedol buah-buahe iku, dadi yen panen mung diwenehake tangga teparo. Marga saka kuwi menawa aku menek bisa oleh akeh, banjur tak simpen ana kulkas kanggo gawe salad kang dadi camilan saben dina.

Aku wis ngelih. Kawit mau esuk durung memangan apa-apa. Aku mung mangan bak pia kacang ijo siji turahane adhiku. Ngombe ya mung kopi turahane Bapak. Olehku mancik lan gocekan wis ora bisa diampet. Aku nekat obah kareben bisa lungguh. Panyuwunku tetep padha kawit mau esuk, yaiku wong ing ngisor kana iku enggal lunga.

Aku ora ngerti sapa piyantun kang kebeneran lungguhan ana ing ngisor wit rambutan iku. Wong iku baguse kaya Janaka. Nembe pisan iki aku meruhi piyantun kok nyenengake. Dadi yen aku mudhun pethakilan kaya adate bisa digeguyu, mengko aku malah isin. Arep tak selehake ngendi raiku?

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
VIDEO PILIHAN