Mohon tunggu...
Laela UswatunHasanah
Laela UswatunHasanah Mohon Tunggu... Lainnya - Mahasiswa Universitas Negeri Semarang

Sagitarius

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Asal-usul Jeneng Desa Pagude

31 Oktober 2020   17:48 Diperbarui: 31 Oktober 2020   17:59 154
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Wektu zaman peperangan ing Wonosobo, akeh wong padha geger. Padha bingung krepriye cara nyelametke awake dhewe lan sekluarga. Yen wong-wong tetep manggon ana ing umah, nyawa bakal dadi taruhane. Sakliane kui, golek panganan ana ing jaman semono angel banget. Mula, warga ana ing kono luru carane suapaya bisa tetep urip lan bisa mangan.

Akhire, sawijining mbengi warga ana ing kono pindah menyang kebon gode. Kebon gode kui kebon ingkang akeh wit-witan gode ingkang duweni akeh kanggone. Wiji seka wit gode iku bisa dimasak dadi gantine sega jagung. Mula, wiji wit gode kui bisa dadi  panganan ana ing jaman kui.

Saya suwi, wong-wong pada betah manggon ana ing kono. Amarga, uripe aman lan gampang nalika golek panganan. Akhire, wong-wong padha ninggal umahe lan mantep manggon ana ing kebon kui. Wong-wong ana ing kono padha golek cara kepriye carane gawe perkakas kayata arit, pacul, clurit lan sakliane ingkang bisa kanggo golek panganan ana ing kebon. 

Saktekane rampung perang, kebon iki dhadi akeh omah lan wargane. Mula, kebon iki didadekna Desa marang warga ana ing kono. Jeneng desa iku yaiku Desa Pagude. Jeneng Pagude iku asal-usule seka kebiasaan masyarakat ana ing kono iku tukang pande atowo tukang gaweni perkakas lan desa tani wit gode. Mula, jeneng desa kui diarani Pagude yaiku seka pande lan gode ingkang digabung.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun