Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Catatan

[Rerasan Banyumasan] Nanggap Wayang Kulit Dhalange Ki Sugino Siswocarito

2 Desember 2011   11:01 Diperbarui: 25 Juni 2015   22:55 642
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

(kiye anu terusane wingi)

Begjane awak ora kaya inyong. Lawas dolanan internet kawit ganu mula, inyong ngulandara neng jagate cyber. Njujug ngendong mbuh aring situs apa baen ngetutna krentege pikir lan klak-klike mouse. Awit sekang nggoleti prekara serius tekan sing mung andon nggo mbombongna ati. Situs berita politik-olahraga-wacana religiusitas-mistik-sejarah-tradisi, kabeh wis tau tek pencroki ora ketang mung andon mampir ngiyub melulu. Situs berita ekonomi pancene arang malah kena deetung nggulih ngambah mergane agep ngapa maning kader ekonomine bangsane inyong pada tolih kena darani anu mung teyenge gari nglakoni thok, liyane kuwe ya paling-paling teyenge mung kesuh getun gela cuwa macani jere ana maling kelas gedhe sing olih gelar koruptor merga korupsi ningen nggulih desidang pada nganggo dasi malah dekoemntari neng politisi tur ana sing pada dekawal pulisi. Nabres temen lah pokoke. Angger situs porno tah ora perlu dekandhah marakena kedawan nggulih crita, ngko malah kur andon ngecebres ngomongna hukum-moral-agama-suwerga-neraka. Kadohen tumrape inyong.

Lagune wong seneng sengsem aring wayang jawa (ora klebu wayang golek ya!) inyong ya sering kiter nggoleti kawruh samubarange sing ana gandheng cenenge karo pewayangan jawa. Pas klinthung aring nggone Eyang Google takon-takon, naaaaaaaahhhhh, neng kono kuwe inyong dewei ngreti kudu aring ngendi prapase angger kepengin duwe rekamane wayang kulit sing dhalange Ki Sugino Siswocarito. Jere inyong kon marasowan aring umah gedong magrong-magrong sing ana tulisane "wayangprabu.com", kon blakasuta ngaku inyong anak turune wong mBanyumas tolih pinaringan kepareng nunut nyesep kabeh rekamane dhalang Gino.

Temenan, ora kesuwen inyong triganca cancut taliwanda gegancangan bablas baen cumlorot napak dirgantara njujug aring "wayangprabu.com". Sing kaaran "wayangprabu.com" kuwe jebule pancen ngedab-edabi temenan. Neng kana prasasat apa baen ana waton magepokan karo kesenian jawa. Dadi ora kur rekaman wayang kulit thok, wayang golek ya ana. Kepengin gending-gending lawas, ya ana. Kepengin ndelengi blegere paraga siji-sijine wayang, ya ana. Pokoke kepengin apa baen, akeh ana timbang orane.

Mangkate pancen nguja nggoleti rekaman wayang kulit dhalang Gino, neng kana ya gagian baen inyong marani plang sing ana tulisane Ki Sugino Siswocarito. Sepisan wani kulanuwun inyong banjur weruh neng kono ana pituduh aring ngendi baen kudune angger arep melu nutur rekaman sing tek goleti. Rekamane ana pirang-pirang lakon. Akeh-akehe anu rekaman lawas jaman kaset pita, senajan sing weton anyar sing wis ana gambare ya ana. Inyong ya gagian baen mung nyateti alamate ngendi baen sing ana rekaman wayang Ginoan jaman kaset pita. Ana lakon Wahyu Winduwulan, Togog Mendem, Petruk Gugat, Wisanggeni Gugat, lan liya-liyane. Kiyeh, neng kene.

O, iya, neng pereke plang tulisan Ki Sugino Siswocarito ya akeh banget plang sing ana tulisane asmane dhalang-dhalang liyane. Akeh banget.

Mbareng inyong marani alamat sing wis tek cateti, jebule neng kana rekaman sing tek goleti pancen katon ngegla cemanthel neng awang-awang. Mbangkanen senjata pusaka wasiate inyong sing wujud modem kiye angger denggo nyengget madan kecendeken, maklum baen anu barang wasiat anana angger denggo neng karangpadesan tolih cokan trigan kabongan ora kena dejek sarag-sereg. Apamaning temandang dewekan gelema, wong aginen detunggoni baen cokan kelelad-keleled njengkelaken. Tapinen ya ora papa. Mentakan tolih inyong ndadak kudu tuku pusaka modem anyar sing lewih rosa tenagane, sih nden mengko biyunge bocah prengat-prengut baen.

Sidane inyong trima repek alon-alonan nyenggeti rekaman kuwe sing wujude file mp3. Nggulih repek nyenggeti ya ora mesthi esuk awan utawa sore wengi. Kober ya tek tandangi, ora kober merga kudu kasab ya tek semayani, wong genah ngerti dewek anu pusaka modeme ora kendel detinggal repek dewekan, kudu debatiri. Sedina olih mung sebengket rong bengket ya tek tlateni. Olih selakon genep wengine laten tek tapani. Repekan lakon liyane urung tutug kesengget kabeh, lakon sing wis ana komplit tek tapani maning. Mbok menawa tangga teparo sing pada gumun ndeyan nggremeng, "deneng sih si Ali nggulih wayangan saben wengi yah..mbangkanen degoleti kitera neng radio bodol koh ora nana siarane". Andang maning wayangane keprungu langka iklane, langsam ora mandeg kesuwen gara-gara penyiare radio keturon. Kualitas suara rekamane sing megin bening kayane marakena tangga-tangga pada ngarani inyong agi nyetel kaset.

Suwe suwe suwe, awan ganti sore, sore ketubruk wengi, wengi ketemu esuk, sewise pirang-pirang wulan akhire inyong kelakon duwe pirang-pirang rekaman wayang kulit dhalang Gino jaman kaset pita. Gedug dina kiye inyong wis duwe rekaman 30 lakon. Kuwe sing wis genep komplit, sing urung komplit ana patang lakon. Lakon-lakon sing urung komplit kuwe mergane nggulih repek nyengget saking dologe, urung baen tutug kereok kabeh wis ketungka tekane werta jere neng "wayangprabu.com" wis cemanthel maning lakon sing anyar. Inyong sing agi gendiren kesenengen ya gagian baen melik sing anyar, ngerikena sing lawas. Mengke tolih tek baleni maning, kaderan desenggeti anana neng wong seudan awu ora bakalan suda apamaning entonga.

Lakon-lakon sing inyong wis duwe kiye tek benahi. Nggulih mbenahi primpen banget kaya dene wong mbenahi dunya raja brana kesugihane. Ana tangga sing mbareng krungu ngreti inyong duwe benahan maen kaya kiye laten njaluk. Wong inyong dasare ya pancen wong apikan tur ora sombong, ya tek wei ora ketang mung selakon baen. Genah nggulih kedeselan baen mbuh derewangi entong pirang-pirang tegesan baen koh kon weweh brak-bruk brak-bruk, siji baen. Gampang mengko angger wis patute dewei maning ya nden tek wei maning. Ora kumed ora inyong.

Sekiye saben wengi inyong teyeng nanggap wayang kulit sing dhalange Ki Sugino Siswocarito. Rika kepengin nanggap?

***

(kesuwun pisan aring wong agung Pranowo Budi lan ndarane Maspatikrajadewaku)

Mohon tunggu...

Lihat Catatan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun