Dening: Khoeri Abdul Muid & Sri Adi Harjono
      Minangka sambunganing kandha, Tembirang bocah saka Kedhu rumangsa ditampik cara alus dening Mumpangati. Ora kira dheweke bisa mujudi bebanane Ki Mundri. Ing mangka Tembirang wis kedarung sumpah. Kuranga sakbil yen ora karo Mumpangati, dheweke ora bakal rabi.
      Tembang rawat-rawat ujaring bakul sinambi wara, lidhah sinambung binandhung ing karna, sumebar kabar menawa Mumpangati arep omah-omah entuk Tiguna saka Kuryo. Rehdene tresnane marang Mumpangati wis pathok bangkrong, mula Tembirang kaya kabeler pring wuluh atine. Panas, perih. Dheweke katemahan numbuk bentus nungsang njempalik golek sraya murih bisa ngrabi Mumpangati. Saora-orane bisa amor turu. Ora ketang mung sakdang sakpanginang.
      Unen-unen dikerek didhuna, ora kenek didhukuna utawa kalah rupa menang dupa, kabeh wis ditindaki. Tembirang nruthuk menyang dhukun golek ngelmu pelet, pangerutan, pengasihan lan pasang maneka susuk amrih Mumpangati edan dheweke. Suprandene seprana-seprene ora katon asile.
      "Wong mung perkara wong wedok ae kok mbok ewangi kejungkir-jungkir. Upama biyen-biyen kowe gelem kelangan sapi sicok ae, saiki iki Mumpangati mesthi wis dadi bojomu. Malah wis anak-anak," omonge Benggoljaya glendhang-glendheng nalika bareng andhok neng warung.
      "Walah..., gampange sing kari maido. Kliwat saking sing nglakoni," tumanggape Tembirang anyel. "Apa nek saiki kowe tak nehi sapi, sesuk aku wis bisa ngrabi anake Ki Mundri kuwi?"
      "Sapine ndang tuntun nyang omahku, mengko kowe tak rabekake karo cah Suruan iku!" Brewok, kancane Benggoljaya nimbrung.
      "Ya! Sesuk tak utang sapine kakangku. Ning cul sapi, cul Mumpangati. Emoh aku nek mbok blithuki. Mengko gek sapine wis ora ana ambune, Mumpangati durung kecekel tangan. Wah, ya cilaka, ngono!" Tembirang nyaguhi.
      "Saiki kari kowe kok, Rang. Wani pa ora ucul sapi. Wong mengko bengi nuntun sapine uwong ya gampang ae, kok!" Benggoljaya nggedhag. Wong dhasar bajingan tengik.
      "Ngene, Benggoljaya. Aku krungu kabar jare suk Jumuwah Legi sasi Bakdamulut ngarep iki, Mumpangati arep dadi manten. Embuh piye caramu, pokoke angger kowe isa nyolong dheweke, aku rila sapine kakangku mbok tuntun." Tembirang nggenahake.