Mohon tunggu...
Eko Wahyudi Antoro
Eko Wahyudi Antoro Mohon Tunggu... Konsultan - Konsultan statistik dan pendidikan

Konsultan, penulis dan pegiat lingkungan

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Kan Jancuk....(Ekspresi tanpa Misuh)

14 Oktober 2022   21:15 Diperbarui: 14 Oktober 2022   21:25 144
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Aku iki menungso sing magak cah...lha pie gak magak, wong awit cilik di engon nggone lingkungan keluarga sing priyayi, keturunan raden-raden, eh bukan ne malah enak, tapi aku malah di posisik ne podo koyo abdi dalem sak mbok mban e....kasarane tetep jongos-jongos wae. Lha ate protes piye maneh, wong memang teko kahanane wis koyo ngunu, di lawano, di proteso nyatane memang aku wong kere. Akhire piye cah....yo tetep tak nikmati wae lakon ku sebagai jongos di lingkungan keradenan warisan soko mbah canggah....

Suwene suwe, aku yo maleh mikir...aku iki masio kere yo nduwe martabat, nduwe tinggalan sing kudune dadi hak ku, tapi kok sak enak e dulur-dulur kui podo nyaplok i hak ku lan keluargaku. Parah e, nyoto-nyoto gawe rusuh, ning poro pengadil nel lapangan pun matane merem wae, malah mbelani wong-wong sing ngrampas hak ku lan keluarga ku iku.....piye jal...kan Jancuuuk....Polah tingkah raden kolo munyeng kui soyo suwe ora soyo apik, malah ra karu-karuan, sampek aku lan keluarga ku di usir soko omah, sahinggo aku nyandang gelar baru yo kui gelandangan.

Tapi kersanengalah, gusti ki paring kinasih marang aku lan keluarga, yo enek ae sing nulung. Sampek aku iso nukokne keluarga ku papan panggonan, yo masio waktu iku kenek diarani durung layak, tapi minimal nggon-nggon ku dewe. Masi direwangi utang-utang ritek lah wis, tapi yo panggah lego mergo panggonan nggonaku dewe. Eh ternyata, ujian ki gak mandek mung semunu. Mergo sik dapuk dadi wong kere, ra ono pilihan maneh se kanggo aku sing dilairne ndisik i timbang adek-adek ku. Pilihane yo kui, kudu nyambut gae lan oleh koyo. Sak suwene aku nyambut gae, aku ngapusi kanca-kancaku...nek muleh teko kutho ngunu kae, aku macak nyetil, terus nek ditakoni, soko endi we/sak iki we nangdi, mesti tak jawab guyon, tapi maksud e serius, serius nek kempul tapi. Pengen ngerti piye jawabku, ngene cah "tak jawab aku kuliah nek suroboyo". Lha kancaku podo bingung, la kuliah jurusan opo we mbul....yo tak jawab jurusan arsitektur. Nek bar njawab ngunu, terus akeh sing percoyo ngunu kui jane atiku kemekelen. Mergo opo to, Kuliah sing tak maksud kui aku "Nguleni Ayah, alias aku kerjo dadi kuli bangunan sing tukang e bapak ku dewe ngunu lo", terus maksud aku njawab jurusan arsitektur, kuwi mergo kerjo ku ngudek luluh, noto boto lan sak piturute supoyo bangunane ngadek.

Suwe nganggur mergo tukang e durung oleh job maneh, begitu oleh kabar teko kota pahlawan nek enek uwong sing nggolek i tukang ku, langsung brandangan budal kerjo aku karo pak e. Sampek kono, aku karo pak e gak tenang, mergo sing nek omah durung iso ninggali duit blonjo. Pikirku karo pak, teko kono kerjo sedino terus aku ngebon kanggo ngirimi mak e. Mbasan ngadep juragan, eeh....pengajuan bon ditolak. Ya wis, pasrah nyambi golek ceperan lebur, karo kerjo sampingan nyuci motor, tengah wengi ne melu trek molen adol cor sak ngratane. Sesuk e ngunu aku oleh kabar, nek mak e loro, arep prikso nek puskesmas gak due duit gae ngojek. Waktu iku tahun 2005, ngojek jarak 3 km an sek murah, PP 10 ewu wis gelem. Tapi masio mung 10 ewu, nek jenenge lagi kere, gak nduwe yo gak nduwe. 

Terus, mergo aku kepepet, mak e yo sambat ae....yooo akhire tak wanek wanek ne nelpun bulek lewat wartel. Tujuane opo? yo kui golek utangan 10 ewu di gae ngojekne mak ber iso prikso nek puskesmas. Mari ngomong ngunu, lah kok bulek takon, *"awak mu utang 10 ewu rupiah"* iku jaminane opo....bayang ne cah...piye perasaan mu jal (Kan Jancuuuk)....cekak aos e, aku gak sido oleh silihan duit isuk iku mau, terus aku kepikiran ngabari bolo-bolo lawas nek prapatan, nek pasar karo nek parkiran. Sopo wae sing iso nulungi mak ku aku utang, mengko aku muleh dino sabtu kan wis bayaran, tak balik ne duite....mari meseni wong sing duwe telpun lokal dan interlokal, aku balek kerjo maneh. 

Mbasan aku mari kerjo lagek oleh kabar nek ibuk ku wis diterne karo cah-cah pasar lan parkiran. Padahal kui mari acara mendem-mendeman. Cah-cah sing mendem terus ngeterne ibuk ku PP, di tunggok i ndik puskesmas, ditukok ne mangan sak jajane terus diterne muleh sampek teko omah. Teko masalah iki aku oleh inspirasi nggawe kata-kata "sak bejat lan bajingane uwong, nek sik nduweni sifat tetulung marang lian, kui sing tak golong ne dadi bolo sing apik, sak kosok balene". Makane tah makane, ojo sok menghakimi uwong. Sebab apik elek e menungso, ben rokib atit ae sing ngurusi, cangkemu ra sah melok-melok. Ngunu ritek jik akeh sing nyacat. Untung kuping lan atiku kekutahan cor coran. Ngunu kui Kan Jancuuuk....

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun