Mohon tunggu...
Azizah Masrukah
Azizah Masrukah Mohon Tunggu... Guru - Nama lengkap

IKLAS BERAMAL

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Acaraku Dino Minggu

16 September 2019   07:34 Diperbarui: 16 September 2019   09:02 83
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Senenge roso atiku lak wes teko dino Minggu. Tak kiro kabeh pegawai podo seneng,ora mung aku seng dadi guru.Pegawai swasta utowo buruh pabrik seg dino Minggu libur yo podho bungah.

Kabeh gawe acara go rifres otowo kumpol keluargo. Awit mambengi pikirane gramyang kiro-kiro gawe acara opo sesok awan iki.Anakku kabeh podo muleh mergo libur kuliyah,pingin gawe panganan utowo camilan seng wingi wes tak pelajari neng buku masak-memasak. Arep istirahat total ora ngopo-ngopo kok yo tetep wae ora iso.

Mulo lak wes teko dino libur ngeneki,pingine turu seng angkler, kadang isuk tangi sampek podo bangkong kabeh amergo nyantai ora ono tanggungan mulang, opo yo ngono hehe...Tapine yo ra ngono,la aku seng dadi ibune malah ora prei blas.Durung cuciane seng sak bak gedhe,piring reget sak tumpuk neng wadah korahan.

La terus kapan preine? Yo ra popo... iki wes dadi tanggung jawabe ibu kanggone keluargo.

Mugo diparingi tetep sehat biso manfaati sekabehane.

Dino Minggu jam 06.30 WIB

Muleh teko mlaku-mlaku isuk.

Anak lanangku ujuk-ujuk nyedek banjur matur

"Mi,badhe mawi acara nopo ing dino libur niki geh?"

"Kulo diajari masak puron lo...monggo kulo terne teng pasar?"

"Benjeng wulan kaleh teng Asrama kulo, badhe wonten lomba masak sego goreng mawot Mi" jare anak lananku maneh.

"Dino Minggu niki kulo mboten main bal-balan...nanging pingin belajar masak"

"Umi blonjo bahan damel praktek masak!"

"La arep masak opo to Le?" pitakonku

"Niku lo Mi...masak sego goreng mawot"

"Lo...la Umi kok yo ora ngerti aran sego goreng mawot iku koyo ngopo?"

"Ngertine Umi yo sego goreng koyo seng biasane bok pangan kuwi".

 "Yo...sak durunge blonjo,cubo buka'en buku masak-masak neng mejo pawon kuwi!"

"Opo wae bahan seng arep dituku Le?"

"Geh Mi...kulo tak nyeleh sepatu riyen"jarene

Anak lanangku seng jeneng Sasa Nasrul Islam iki ancene seneng masak,lek dewe e lagi neng omah aku ora bingung urusan pawon.Ono endok digoreng dewe,sarimi dimasak dewe,iwak ono kulkas dibakar dewe,weh... pokok aku ora ribet.  Bedo karo anak wedok sijiku iki,senengane mung neng kamar wae karo internetan.Kok yo nurun aku mbiyen yo? Aku biyen yo ngono,kabeh apo jare mak ku,aku ora tau nyapo-nyapo blas, paling mung nyapu ratan omah seng sak mban-mban kae.Neng basan wes bebraiyan kok yo ngerti penggawean dewe.

"Duh Gusti, mugi lare-lere sami dipun paringi sehat tur tansah tumindak laku bener lan manut dateng perintahipun Panjenengan..."dongoku sak bendino.

"Piye Le? Wes ketemu seng mbok woco bahane?" pitakonku

"Geh Mi...niki bahan-bahan seng badhe ditumbas"

Anakku lanang terus bukak google

Resep Nasi Goreng Mawot

- 2 piring nasi yg sudah bermalam

- 3 lembar sawi putih

- 1 btg daun bawang (iris)

-  100 gr mie basah

-  1 potong dada ayam (potong dadu)

-  2 butir telur ayam

-  2 sdm Teri medan yg sdh di goreng

-  Secukupnya kecap ikan

-  Secukupnya minyak wijen

-  1 sdm saos tiram

-  Penyedap rasa (optional)

-  2 sdm minyak goreng (saya menggunakan minyak bekas menggoreng Teri)

"Oo,jane yo podho ngono seng aran sego goreng mawot,mung bedho campurane macem-macem"

"La iku wes enek kabeh bahane neng kulkas Le...seng ora ono iku mung teri medan karo daging ayam wae"

"Ayo wes...Umi terno neng pasar,aku tak njumuk tas blonjo"

Anak lanang ngetokne sepedah teko garasi jur nyetater.

"Monggo Mi!"

"Iyo sek...sek...ono seng keri,iku mau Abahmu kon numbasne opo,mau koyone pesen?"

"Hem,paling Abae kon numbasne gedhang setengah mateng,biasane ngoten"jare anak lanang

"O Yo, bener...snack bebas kolestrol"gedhang godhok!"

Aku jur bonceng anak lanang menyang pasar Muncar,let sedelo wes teko.

Wih...yen dino Minggu pasare ruame banget

Poro pedagang teko deso tumplek blek gowo dagangan seng arep di pasarne

Mergo teko gone seng duwe,regane murah-murah

"Bu guru !,Jenengan kerso niki to?"

Tak toleh mburi tibane wali muridku, ibune Alan.Sabendino bu Sari dodolan sayuran.

"Ibune Alan geh?"

"O geh leres Bu... Jenengan kerso mentimun bu? niki nanem piyambak!"

Durung tak jawab gelem opo ora,tasku wes diisi sak kresek mentimun.

"Matur nuwun bu Sari...mugi dagangane laris"ucapku

Aku terus wae mlebu pasar blonjo opo seng direncanakne teko ngomah,ono sledri,teri medan lan daging ayam,ra keri titipane Abae Sasa gedhang godhog.

Bahan wes tak tuku kabeh,banjur aku ngajak anak lanang muleh.

Tekan omah wes jam songo,kok yo wes awan tibane.

Banjur kabeh bahan wes tak siapne

"Sa...gek dang ditandangi opo karepmu mau!"

"Bahan wes cemepak kabeh,wes tak kupasi bawang lan brambange"

"Sego seng turahan mambengi iku gowo mrene!"

"Geh Mi..

Wajan wes tak pasang dhuwure kompor lan tak wenehi minyak sak cukupe.

Bumbu-bumbu wes diracek diuleg alus terus ditumis sampek wangi.

Kabeh bahan wes mlebu siji-siji terus dicampur.

"Wah,haruuum...mantaaaf....

"Teko ambune wes gawe jenggirat ngelih wetengku,pingin dang nyantap!" jare anak lanang

"Kurang sedelo meneh Sa...

"Taraaaa...

Akhire seng jeneng sego goreng mawot wes mateng tenan

"Sak estu uuenak Mi...,benjing kulo empun saget ndamel kados niki teng asrama"

"Iyo Le, masio ora menang ora opo-opo...awakmu iso duwe pengalaman masak dewe iku seng penting"

"Geh Mi matur nuwun pun ngajari masak" bungahe rakaruan anak lanang.

Sego goreng sak piring wes ludes dipangan dewe,tinggal sak piring kanggo mbak yune seng lagi metu karo koncone.

Iki mau kegiatanku dino Minggu tak tulis nganggo boso Jowo Timuran sekalian Mulok.

Go ngisi wektu loang tak sempatne nulis sekedar nglemesne jari tangan.

Monggo podho seneng nulis !....kegiatan opo wae biso ditulis neng kene

Gak usah takut salah...Salam Literasi...

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun