Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Puisi Pilihan

(HUT RTC) Jambu Alas

19 Maret 2016   21:51 Diperbarui: 20 Maret 2016   17:35 355
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption caption="Hutan jambu pinggir telaga."][/caption]

“ Hlo jambune kok diglethakno… ra digawa ta?”
“Emoh…gawanen dhewe….”
Aku ndlongop wae karo ndeleng Cipluk mlayu nerak alang-alang sadawane tegalan sing kebak wit jambu. Ing pinggir bengawan Cipluk mung ngadeg njegegreg meneng wae.
“Walah dak kira arep nyabrang karo Yuyu Kangkang…”
“Sampeyan kira aku iki wedok sing geleman ta!”
“Hla sing ngarani ya sapa…? Dak kira awakmu bakal mulih karo prau nggethek dhewe utawa njaluk tulung Jono….”
“Mas…!”
“Apa? Iki lho jambune…..”
“Emoh! Sampeyan kapan sida nglamar aku? Emak gak gelem aku telat rabi…..”
Aku meneng wae. Banjur dak gandheng tangane Cipluk sing kasar kakehan matun lan derep karo ngajak mulih praon saka tegal jambune Simbah.
Cipluk katon mbrebes milih eluhe.
“Dudu aku ra gelem nglamar awakmu. Mosok rabi lan omah-omah mung bandha dodolan jambu ..…”

[caption caption="Jambu gethakan."]

[/caption]
                                                                     0 0 0 0 0
Pitung sasi ( wulan ) aku nyambut gawe nang Surabaya. Dodolan jambu ing Pasar Keputran. Durung pati suwe mulane ya durung bisa nyelengi akeh kanggo nglamar Cipluk. Prawan desa sing lemu ginuk-ginuk dadi kembange desa. Ya embuh ora ngerti, akeh prawan sing luwih ayu kok ya akeh joko sing padha kesengsem Cipluk. Kaya dene aku. Malah nganti aku bingung kudu mangsuli apa nalika ditantang rabi.
Sesasi sadurunge pasaan aku mulih. Sepira kagetku, sak gang sadurunge omahku ana terop wong duwe gawe. Tekan omah Emak ngandhani aku yen Cipluk sing rabi.
“Wis ora usah dadi ati. Isih akeh prawan sing luwih ayu…”
“Nggih mboten perkara ayune. Hla kula sampun runtang-runtung kalih Cipluk…”
“ Ya piye maneh…dudu jodhomu.”
Aku pancen gela Cipluk rabi. Dudu pekara aku ora bisa golek cah ayu. Nanging piye cuwane Cipluk merga kudu ndang rabi merga penjaluke wong tuwane. Apa maneh kudu rabi karo Jono, joko sing seneng mendem Topi Miring.
                                                                    0 0 0 0 0
“Hayooooo Bapak kok nglamun ae….” Kandhane anakku sing gedhe nalika aku ndlosor ing pinggire bengawan lan tegal jambu.
“Bapak nglamun masa lalune sik ngamrin biyen…” jarene Ibune bocah-bocah.
Hahahahhaaaa….. anakku telu-telune padha ngakak.

[caption caption="Ditinggal rabi"]

[/caption]

[caption caption="Rumpies The Club"]

[/caption]

Terjemahan:

Jambu Hutan

“Hlo jambunya kok dibiarkan tergeletak…tak dibawa?”

“Gak mau….bawa saja sendiri….”

Aku hanya termangu melihat Cipluk berlari menerobos ilalang sepangjang kebun yang penuh dengan pohon jambu. Di tepi sungai ( besar ), Cipluk berdiri diam seribu bahasa.

“Walah kukira mau menyeberang dengan *Yuyu Kangkang….”

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun