Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

(HUT RTC) Jambu Alas

19 Maret 2016   21:51 Diperbarui: 20 Maret 2016   17:35 355 19
“ Hlo jambune kok diglethakno… ra digawa ta?”
“Emoh…gawanen dhewe….”
Aku ndlongop wae karo ndeleng Cipluk mlayu nerak alang-alang sadawane tegalan sing kebak wit jambu. Ing pinggir bengawan Cipluk mung ngadeg njegegreg meneng wae.
“Walah dak kira arep nyabrang karo Yuyu Kangkang…”
“Sampeyan kira aku iki wedok sing geleman ta!”
“Hla sing ngarani ya sapa…? Dak kira awakmu bakal mulih karo prau nggethek dhewe utawa njaluk tulung Jono….”
“Mas…!”
“Apa? Iki lho jambune…..”
“Emoh! Sampeyan kapan sida nglamar aku? Emak gak gelem aku telat rabi…..”
Aku meneng wae. Banjur dak gandheng tangane Cipluk sing kasar kakehan matun lan derep karo ngajak mulih praon saka tegal jambune Simbah.
Cipluk katon mbrebes milih eluhe.
“Dudu aku ra gelem nglamar awakmu. Mosok rabi lan omah-omah mung bandha dodolan jambu ..…”

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun