Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Cerpen | Selendang Biru

20 Februari 2020   14:49 Diperbarui: 21 Februari 2020   14:48 474
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Nawang Wulan kehilangan selendang biru. Dokpri

Babad Tanah Jawi.

"Le, kowe wis ngerti yen san saya suwe bahune Simbok wis ora kuwat maneh ngripik kayu kanggo olah-olah lan adang. Simbok dhewe ya ora tega yen kowe kudu ngancani Simbok terus. Ya gene kowe kok ora ndang rabi?" pitakone Simbok randha Dhadhapan marang Jaka Tarub putra ontang-anting sing dipupu wiwit bayi.

"Sapa ta Mbok sing gelem karo aku, bocah alasan sing mung urip tetanen?" wangsulane Jaka Tarub karo ngubub pawon kareben ora mati jalaran udan sewengi muput marakake kayu kanggo adang dadi teles njur angel murube.

"Kowe kuwi bagus dak kira akeh prawan sing dhemen. Mung kowe wae sing isin..." jare Simbok Dhadhapan.

"Sedhela engkas segane wis arep mateng Mbok... Saiki aku dak budhal mbebedhag pitik utawa manuk utawa mina pinggir telaga kanggo lawuh madhang. Kulupane, Simbok golek genjer lan jumbul ing sawahe wae ya....," wangsulane Jaka Tarub sakkenane banjur budhal menyang alas.

Salah tiga bidadari yang di telaga. Dokpri
Salah tiga bidadari yang di telaga. Dokpri

0 0 0

Njekute rasa adhem tengah wana ora dirasake Jaka Tarub sing lagi nguber pitik alas nganti pinggir kali isor curah. Sumunare cahya srengenge andadekake metune kluwung sing mudhun cedhak coban utawa curug. Sepira kegete Jaka Tarub nalika weruh ana widadari kang ayu padha mudhun lewat kluwung mau banjur cucul busana lan bebarengan adus ciblon ing telaga cedhak coban.

Dumrodoge jaja jaka lola sing ora tau weruh ayune widadari, Jaka Tarub banjur nyedhak telaga kekarep nginceng para widsadari sing lagi adus lan ora weruh tekane Jaka Tarub. Jaka Tarub saya kesengsem, nalika weruh busana sing gumlethak ing watu. Banjur salah siji jarit lan slendang kang warna biru diranggeh nganggo tulup sing kanggo mbebedhak pitik alas.

Sasi kapitu pancen isih satengahe mangsa udan. Dumadakan pedhut mudhun. Para widadari padha mentas lan nganggo busane arep bali menyang kahyangan. Sepira kagete Nawang Wulan, salah siji widadari kang adus ora nemokake busanane. Jalaran gerimis wis tletik, kluwung wis meh angslup ketutupan mendhung. Para widadari liyane ora bisa mbiyantu Nawang Wulan sing bingung, banjur bali menyang kahyangan. Nawang Wulan mung bisa nangis geruh-geruh sing bantere swarane nganti sato iwen padha mlayu lan mabur. Tangise san saya banter nalika weruh ana bocah lanang mak jengunguk ngadeg ing ngarepe padahal Nawang Wulan lagi tanpa busana.

"Ora usah sumelang aku ora bakal nyidrani kowe, yagene kowe kok mewek-mewek tanpa busana...Hla kowe kuwi saka ngendi kok adus dhewekan ing telaga tengah wana?" pangucape Jaka Tarub sing ethok-ethok ora weruh nanging sajrone ati dheweke mbatin, "Wah iki wanita sing bakal dadi sisihanku..."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun