Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Puisi Pilihan

Angslupe Lintang Kemukus (Terbenamnya Bintang Berekor)

4 Januari 2020   12:08 Diperbarui: 5 Januari 2020   07:11 982
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ranu Pani dini hari. Dokumen pribadi

Mung sak panenan aku ngrasakake angete kekepanmu nalika wayah sirep bocah awake dhewe tansah gegayutan saresmi kairing purnamasidhi sing ndeleng saka ndhuwure wukir mburi omah. Sanajan ta mega kala-kala nutupi rembulan sing rada isin nyawang awake dhewe sing mlumah ngos-ngosan

Wengi iki candra wis ora metu maneh kaya nalika kuwi. Ora ana maneh sing bisa dideleng sakliyane aku sing kadhemen nyekukrus ngarep pendhapa nyawang lintang kemukus sing wis ngajak sliramu anjangka jagad dewa batara.

Lir Jaka Tarub ngenteni padhange purnamasidhi sing bakal ngajak Nawang Wulan mung saderma nyambangi Nawang Sih lan marakake gelane Tarub sing mung bisa nyawang saka kadohan kanthi gemludhuge jaja.

Mokal yen luh tumetes saka netra sing tansah ndeleng esemmu kaya tunjung sekar putih ing blumbang ngarep omah. Nanging ra isa dak inggati apa kang kudu dak rasakake lengkruhing galih kang keranta nalika sliramu pamit bali menyang kahyangan saderma nglakoni titahing Kang Murbaning Dumadi.

Ing kene, pucuking redi Ayak-ayak aku mung bisa takon sajroning galih yagene pageblug marakake sulayane sliramu sing kang nandang asmara ngandhut sih katresnane awake dhewe.

Ing kene, isuk iki dak deleng sang bagaskara wis mlethek ngajak aku anjangka lakuning urip kanthi pengarep bakal bisa bebarengan karo sliramu kaya prasetyaku marang sliramu nalika kuwi.

Bahasa Indonesia.

Hanya semusim kurasakan dekapan kasihmu kala menjelang tengah malam kita saling memeluk dalam bercinta di bawah sinar purnama yang mengintip di atas perbukitan belakang rumah. Sekali pun, terkadang awan putih menutupi rembulan yang tampak malu memandang kita yang terlentang terengah.

Malam ini rembulan tak muncul lagi seperti kala itu. Tak ada lagi yang bisa kupandang selain diriku yang kesepian di tengah malam depan pendapa rumah sambil memandang bintang berekor yang sudah mengajakmu melanglang alam semesta.

Seperti Jaka Tarub yang menanti sinar terang bulan yang akan mengajak Dewi Nawang Wulan sekedar melepas rindu pada Nawang Sih, putrinya, dan menyiksa batin Tarub yang hanya bisa memandang dari jauh dengan dada berdegub.

Tak mungkin air mata menetes dari mata yang selalu terbayang akan senyummu yang mekar bagaikan teratai putih di kolam depan rumah. Namun tak mungkin kuhindari kesedihan hati ini kala teringat dirimu akan pergi selamanya menjalani kehendak Sang Pencipta Alam.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun