Saben wong Jawa mesthi wis ora asing maneh karo tradhisi tedhak sitèn. Upacara iki tansah ngelingaké aku marang pepatah lawas, yèn saben langkah manungsa iku nduwèni makna lan donga. Nalika sinau babagan iki ing perkuliahan Basa Daerah, aku rumangsa ana sing luwih jero tinimbang mung sekadar upacara adat. Ana nilai urip, ajaran, lan rasa syukur sing ora iso diganti déning apa wae.
Ing kelas, nalika dosen nerangaké makna lan prosesi tedhak sitèn, aku kelingan wektu cilik nalika ndeleng sepupu ngalami upacara iki. Wektu semana aku mung mikir, “wah lucu, bocah munggah tangga tebu.” Nanging sawisé ngerti maknane, aku dadi ngerti yèn saben undhak sing dilewati iku lambang perjuangan urip, saben banyu kembang sing diguyur iku lambang kesucian ati, lan saben donga wong tuwa iku tandha katresnan sing ora ana enteke.
Aku rumangsa, budaya kaya mangkéné kudu tetep dilestarèkaké. Ing jaman saiki, akeh wong sing luwih sibuk karo urusan moderen nganti lali marang asalé. Padahal, upacara kaya tedhak sitèn iki ora mung nguri-uri adat, nanging uga ngelingaké kita supaya eling marang Gusti lan nyedhaki makna kulawarga. Nalika bocah mudhun saka tangga tebu wulung, sejatine wong tuwa uga lagi sinau: sinau nglepas, sinau percaya, lan sinau ndonga.
Saka sinau iki, aku dadi luwih ngerti yèn basa lan budaya Jawa iku ora mung alat komunikasi, nanging uga warisan nilai urip. Aku pengin dadi guru sing ora mung mulang maca lan nulis, nanging uga ngenalaké murid marang akar budaya lan rasa hormat marang tradisi. Amarga saka kono, anak-anak bakal luwih ngerti sapa awake dhewe lan saka ngendi asalé.
Piranti lan Simbol ing Tedhak Siten
Saben piranti ing upacara iki nduwèni makna simbolis kang jero. Ana sawetara perlengkapan utama kang kudu disiapaké, antarané:
Undhak-undhakan saka tebu wulung jumlahé pitu. Tegesé, bocah kudu ngliwati saben tangga urip kanthi taberi. Tebu wulung sing warnané ungu peteng dadi pralambang kekuwatan lan pangarep-arep supaya bocah tansah kuat ngadhepi cobaan.
Kurungan manuk, pralambang urip donya sing kebak pilihan. Ing njero kurungan iki, bocah bakal diparingi pilihan piranti urip.
Barang pilihan kaya buku, pulpen, dhuwit, perhiasan, utawa alat musik. Apa sing dipilih bocah bakal dianggep minangka pratandha dalan uripé mbésuk.
Kembang setaman kanggo ngresiki jiwa lan raga, minangka lambang kesucian.
Jadah lan tumpeng pitung warna, pralambang kabungahan lan kamakmuran.
https://id.pinterest.com/okkydessyr/dekor-tedak-sinten/
Prosesi Upacara Tedhak Siten
Upacara tedhak sitèn lumrahe ditindakake ing latar omah kanthi diiringi doa, tembang dolanan Jawa, lan kabungahan kulawarga. Suasanané sumringah nanging tetep khidmat, amarga upacara iki ora mung minangka acara adat, nanging uga minangka pralambang rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Wong tuwa, simbah, lan sanak kadang padha kumpul, ndeleng bocah cilik sing wiwit ngambah urip anyar kanthi rasa haru lan bangga.
Prosesi diawali nalika bocah digendhong mudhun saka undhak-undhakan tebu wulung kaping pitu. Saben tangga nduwèni makna urip sing kudu dilakoni kanthi taberi. Wong tuwa ngarep-arep supaya saben langkah anaké tansah ana ing lindungan Gusti, ora gampang nyerah, lan bisa ngadhepi cobaan kanthi ati sabar.
Sawisé mudhun saka undhakan, bocah banjur lumebu menyang kurungan manuk sing wis dihias kembang lan pita warna-warni. Ing kono wis disiapaké macem-macem barang, kaya buku, dhuwit, alat musik, perhiasan, lan piranti tulis. Barang-barang iku ora mung minangka pajangan, nanging nduwèni makna simbolis tumrap masa depan bocah. Nalika bocah milih siji saka barang kasebut, wong tuwa lan tamu padha nyawang kanthi semangat lan rasa penasaran. Yèn bocah milih buku, dipercaya bakal dadi wong pinter. Yèn milih dhuwit, pratandha bakal sugih. Nanging luwih saka iku, kabeh wong percaya yèn pilihan bocah iku minangka pratandha pangestu saka Gusti.
Sabanjuré, bocah diadus nganggo banyu kembang setaman sing seger lan wangi. Prosesi iki dadi lambang panyucèn raga lan jiwa, supaya bocah tansah resik lahir batin. Nalika diadus, wong tuwa ngetokaké donga lirih, nyuwun pangayoman lan kawelasan saka Gusti supaya anaké tansah pinaringan kesehatan lan kebecikan ing saben tindak-tanduké.
Sawisé adus, bocah banjur didandani nganggo busana anyar sing apik lan resik. Pakaian anyar iku dadi pralambang yèn bocah wis mlebu tataran anyar ing uripé, wis wiwit ngadhepi donya kanthi cara dhéwé. Biasané, wong tuwa uga nggandhengaké prosesi iki karo doa lan ucapan syukur, minangka ungkapan kabungahan amarga anaké wis bisa tumuwuh kanthi becik lan seger.
Upacara tedhak sitèn banjur ditutup kanthi dhahar tumpeng lan jadah pitung warna bebarengan. Kabeh anggota kulawarga lan tamu padha mangan bareng, ngguyub lan remen. Jadah pitung warna iku ora mung kanggo pepaes, nanging uga pralambang pitung jenjang panguripan lan kabungahan sing macem-macem.
Sajeroning kabungahan kasebut, ana ajaran moral kang jero banget: urip iku kudu dilakoni sethithik demi sethithik, saben langkah kudu digayuh kanthi usaha lan donga. Tedhak sitèn ora mung acara kanggo bocah, nanging uga minangka pangeling marang wong tuwa supaya tansah ngopeni lan nuntun anaké kanthi katresnan lan kabecikan.
Makna Luhur Kang Kasedhiyané Ora Luntur Wektu
Ing jaman modern iki, akeh kulawarga Jawa sing isih nguri-uri tradisi iki, ora mung ing Jawa Tengah utawa Jawa Timur, nanging uga ing kutha gedhé kaya Jakarta lan Bandung. Sanadyan cara pelaksanaané bisa beda-beda, nanging rohaniné tetep padha: rasa syukur, donga, lan pangarep-arep.
Tedhak sitèn uga dadi ajang silaturahmi kulawarga, papan ngumpul antar-sedulur, lan sarana ngenalaké budaya Jawa marang generasi enom. Ing sajroning tradisi iki, ana ajaran moral sing jero: saben manungsa kudu nglakoni urip kanthi taberi, ngupaya kanthi becik, lan tansah eling yèn kabeh saka lan bali marang Gusti.
Tedhak sitèn ora mung upacara adat, nanging uga wujud katresnan wong tuwa marang anak lan rasa syukur marang Gusti kang Maha Kuwasa. Tradisi iki minangka pangeling yèn kabudayan Jawa iku sugih makna lan pantes tansah dilestarèkaké supaya ora ilang kaslametané ing jaman kang kian maju iki.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI