Lihat ke Halaman Asli

Syafrizal Isnain M

Universitas Negeri Surabaya

Bedane Adat Panggih Dhumateng Kuta Surakarta lan Surabaya

Diperbarui: 13 Oktober 2025   19:32

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Praktik Tata cara Panggih Temanten kelas 2024M PGSD UNESA

A. KRAMA INGGIH

krama inggih menika salah satunggaling bab ingkang sakral sanget lebet sugeng manungsa. wonten jaman samenika kamajenganing teknologi lan kamajenganing jaman saged ndamel  sugeng manungsa dados gampil. saking kamajenganing jaman saged ndamel penyebab peregeseran budaya utaminipun ingkang wonten ing kitha ageng kados kitha surabaya. Beda malih kaliyan adat manten dhateng kuta Surakarta sik taksih sering di damel kaliyan tiyang jawi menawi wonten acara krama inggih. 

Budaya panggih manten menika ugi ngalami pergeseran budaya inggih menika saking segi gendhing saha perlengkapan ingkang badhe dipunsajikaken lebeting acara panggih manten kasebat. peregesran menika dipunamargikaken dening pinten-pinten faktor inggih menika faktor internal lan faktor eksternal. faktor internal saged saking masyarakat menika piyambak dene faktor eksternal saged dipunamargikaken saking akulturasi budaya kamajenganing jaman lan kamajenganing teknologi dados salah satunggaling penyebab kedadosipun pergeseran budaya.

B. ADAT PANGGIH SURAKARTA LAN SURABAYA

Adat istiadat utami krama surakarta ngagungani pakem. adat istiadat utami krama surakarta inggih menika tata busana, ubarampe lan praktik upacara. bilih priksa saking ageman, ubarampe lan tata cara upacara, wonten benten antawis upacara krama adat surakarta kaliyan upacara krama wonten kitha surabaya. Ingkang mbentenaken inggih menika saking gaunipun, ing gaun panganten adat surakarta kaliyan ageman sikepan ageng utawi ageman sala keprabon ananging wonten kitha surabaya ageman ingkang dipunagem inggih menika beskap ingkang sampun dimodifikasi lan wonten ageman kagem mempelai kakung ingkang ngagem ageman basofi.

Dhumateng ing Kuta Surakarta lan Surabaya 

1. Pambukaan : disiapake kalih panitia ngaturaken pamujaan syukur dhumateng Gusti Allah

2. Bendhol kembar Mayang : tata cara tindakan manggala mijil saking wangi dalem tumuju papan  hajatan. lajeng lare kakung domas miyosaken sosok kembar mabur saking kursinipun lan ngasta piyambakipun sedaya dhateng aula krama. salajengipun si kembar kembar ingkang dipunparingaken dening dhomas utawi manggala putri badhe tindak tumuju dalem tepas wangi ingkang inggih menika papan krama mempelai putri.

3. Serah terima : uga penganten Putri lan Putra padha-padha nyerahake dhateng ibu bapak e penganten. 

4. Tukar kembar mayang : Domas uga nglintu kembar mayang Putri lan Putra

5. Balang gantal : penganten Putri lan Putra uncal-uncalan gantal

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline