Mohon tunggu...
alvi adi nugroho
alvi adi nugroho Mohon Tunggu... -

Sadar itu sakit

Selanjutnya

Tutup

Travel Story Pilihan

Wisata Baturaden

27 Januari 2015   21:55 Diperbarui: 17 Juni 2015   12:16 14
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Karier. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Freepik

Wisata Baturaden

inggih punika obyek wisata ing kecamatan Baturaden, kabupaten Banyumas (Purwokerto) provinsi Jawa Tengah. Tembung Baturaden punika saking kalih tembung batur kang nggadhahi teges pembantu, kanca utawi bukit, tembung setunggale inggih punika raden ingkang nggadhai teges bangsawan utawa keturunan kraton. Kepungkur wonten putra raja ingkang asma raden ingkang remen kaliyan baturipun (pembantu), nanging tiyang sepuhipun raden punika boten maringi restu lajeng raden kaliyan baturipun mejahi pagesanganipun wonten panggenan punika ingkang saniki disebat Baturaden.

Sejarah Baturaden punika nggadhahi kalih versi inggih punika :

1. Versi Kadipaten Kutaliman

Ing jaman kepungkur wonten kadipaten ing panggonane wonten ing lokasi Baturaden antawis 10 km sisi kulon Baturaden. Adipati ing kadipaten punika kagungan lare estri-estri lan uga kagungan gamel (batur kang tugase jagi jaran). Salah satungalipun larene estri adipati punika remen kaliyan gamel, mirsani saking status sosial punika larene estri adipati kalawau pacangan kaliyan gamel punika kanthi cara menengan-menengan supados boten konangan adipati. Saking remene kaliyan gamel utawi batur ingkang jagi jaran punika lajeng metheng, boten dangu uga perkawis pacangan punika konangan kaliyan adipati, batur kaliyan putri adipati punika dipunusir saking kadipaten wonten margi nalika putri tindak saikng kadipaten putri punika babaran ing sisi lempeng utawi kali, bayine kakung. Kali punika disukani jeneng kali putra, kali punika wonten 3 km saking sisi lor kadipaten kutaliman. Pungkasane batur kaliyan putri kalawau angsal panggenan kang sae lan asri lan manggon wonten ngriku kang saniki dijenengi Baturaden.

2. Versi Syekh Maulana Maghribi

Syekh Maulana Maghribi inggih punika salah satunggale ulama kondang utawi kesohor. Panjenenganipun sejatose saking Turki, wonten wayah enjing Syekh Maulana Maghribi mirsani wonten cahaya utawi sinar kang aneh, sinar iku medhal saka tenggara. Panjenenganipun lajeng kapengin mangertosi sinar punika medhal saking pundi lan wonten patunjuk punapa, dibaturi kaliyan sahabate haji Datuk lan rencang-rencange, Syekh Maulana Maghribi mrau utawi berlayar ing mendhal sinar punika. Rombongan Syekh Maulana Maghribi punika terus mrau utawi berlayar kanthi dugi medhal sinar kalawau, lan boten dangu rombongan rawuh ing panggenan ingkang asri lan ten sisi gunung ingkang saniki dijenengi Baturaden.

Baturaden punika manggon wonten ing sisi lor kota Purwokerto pas wonten lereng sisi kidul gunung Slamet, amargi Baturaden punika manggon wonten lereng gunung Slamet dadosaken kahanan Baturaden punika nggadhahi hawa atis lan asri, Baturaden klebet obyek wisata ingkang sampun kondang wonten jawa tengah lan nasional, boten lepat bilih menawi dhawah libur sekolah kahanan obyek wisata Baturaden punika rame sanget.

Obyek wisata Baturaden punika saged dipungayuh kagem kendaraan pribadi ugi umum, upami badhe ngginakaken kendaraan pribadi saged dipungayuh saking kota Purwokerto namung 15 menit kanthi lalu lintas ingkang lancar lan upami badhe ngginakaken utawi nitih kendaraan umum saged nitih bis wonten terminal Purwokerto mangke mandhap wonten terminal lokawisata Baturaden, kagem catetan menawi badhe ngginakaken utawi ngasta kendaraan pribadi kedah atos-atos amargi margi wonten ingmargi Baturaden Raya punika kemiringanipun ngantos 30 derajat, wisatawan kedah atos-atos nalika minggah wonten margi punika.

Sarana obyek wisata ing kahanan lokawisata Baturaden inggih punika :

a. Wanawisata

Panggenane 2 km saking lokawisata Baturaden, saking wanawisata punika saged mirsani panorama alam ingkang sae lan asri, jangkep kaliyan arena perkemahan ingkang nampung ± 1000 tenda. Wonten ngriki uga wonten pusat pembibitan tanaman produksi antawisipun cemara, pinus, lan sanes-sanesipun.

b. Curug Gede

Panggenane wonten ing desa wisata Ketenger, antawisipun 2 km saking lokawisata Baturaden. Wonten curug gede punika saged mirsani air terjun,lempengan watu lan kaendahan panorama alam.

c.Telaga Sunyi

Panggenane 3 km arah kidul Baturaden, wonten obyek wisata punika saged mirsani panorama alam kaliyan kesunyian kaendahan watu wonten ing telaga punika.

d. Pancuran Telu

Panggenane wonten ngandhap pancuran pitu, wonten ngriki wonten sumber air panas. Menawi sasi suro punika kathah tiyang tindak pancuran telu kagem nyuwun keslametan lan rejekinipun supados lancar.

e. Pancuran Pitu

Panggenane 7 km saking lokawisata Baturaden. Ingkang saged dipunsawang kang khas wonten pancuran pitu inggih punika gua sarabadak kang dados pertemuan sumber toya panas lan sumber toya adem. Wonten ing pancuran pitu uga wonten belerang kang bebrayan sekitar lokawisata Baturaden percaya saged nambani utawi ngobati penyakit kulit. Pancuran pitu punika panggenane wonten sisi dhuwur pancuran telu.

f. Bumi Perkemahan

Inggih punika camping ground ingkang asring dipunginakaken dening para pecinta alam lan penikmat kegiyatan out bond. Nate dipunginakaken kagem panggenan penyelenggaraan utawi dados tuan rumah Jambore Nasional Gerakan Pramuka se-indonesia ing warsa 2001 kepungkur.

g. Kaloka Widya Mandala

Taman Kaloka Widya Mandala Baturaden utawi wisata pendhidhikan wanasuka Baturaden inggih punika kebun binatang lan panggenan wisata edukasi ingkang dipunresmikaken dening Bupati Kepala Daerah Tingkat II Banyumas H.Djoko Sudantoko surya kaping 17 Mei 1995. Panggenan punika nate angsal prestasi kagem Visit Indonesia Dekade 1991-2000 wonten ing Penobatan Anugerah Wisata Jawa Tengah dan Daerah Istimewa Yogyakarta ing Semarang ing surya kaping 23 sasi Agustus warsa 1996.

Wonten ing Taman Kaloka Widya Mandala Baturaden punika wonten jenis kewan ingkang asal saking indonesia lan saking luar negeri antawisipun saking Australia, Asia lan Belanda. Koleksi kewane inggih punika sapi sikil lima, wedos sikil telu, gajah, buaya irian, ulo sanca, kaswari, monyet, landak, cendrawasih, lowo, ayam kate, ayam mutiara, rusa. Wonten panggenan punika wonten museum satwa langka antawisipun harimau sumatra, beruang madu, lan macan dahan.

Ayo kanca-kanca wisata ana ing Baturaden dijamin nyaman, tenang lan bungah.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Travel Story Selengkapnya
Lihat Travel Story Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun