[caption caption="sumber : http://lipsus.kompas.com/samsung/read/2011/10/18/09435479/Ayo.Imunisasi.Bayi.dan.Balita.Anda"][/caption]
Esuk iki nang ngomahe Pak Bayan rada rame. Bu Bidan minangka wakile dinas kesehatan teka mrana saperlu nganakake kegiyatan rutin kanggo Balita. Posyandu. Isi kegiyatane ora liya ya, Imunisasi kanggo bocah-bocah Balita mau. Kaya sing uwis-uwis, Bu Bayan dibantu para kader Posyandu, yaiku Bu Erte 1, 2, lan 3 padha mbantu Bu Bidan kanggo kelancaran Posyandu.
Sakwise Bu Bidan rampung tata-tata, Bu Bayan gage cengkelak mlebu mesjid sing mapane persis nang ngarep omahe, sak perlu menehi pangerten liwat pengeras suara supaya ibu-ibu sing nduwe anak Balita enggal padha teka nang ngomahe Bu Bayan.
“Dhumateng ibu-ibu, ingkang kagungan lare Balita, mangga enggal-enggal rawuh wonten dalemipun kula, eh, maksudipun Pak Bayan, sakperlu Imunisasi kangge putra-putri panjenengan, amargi Bu Bidan sampun rawuh..!”
Rampung menehi pangerten para warga liwat pengeras suara nang mesjid, Bu Bayan digeguyu Bu Bidan lan Bu Erte-Bu Erte merga pengumumane keseselan, eh, barang.
Ora suwe, para ibu-ibu banjur teka saka siji nggawa anake dhewe-dhewe. Ana sing sing isih digendhong, ana sing wis mlaku thimik-thimik, ana sing playune wis rada banter. Umume bocah mau padha ketok seneng. Nanging mbareng weruh ana Bu Bidan nang njero omahe Bu Bayan, ana sing sak nalika nangis, ana sing cengkelak mlayu merga wedi.
Jenenge ya, bocah cilik. Weruh Bu Bidan ya, wedi, wong mikire, mesthi bakal disuntik. Beda yen bocah sing wis nalar, utawa bayi tuwa kaya sing nulis iki. Weruh Bu Bidan ya, mesthi seneng, wong Bu Bidane ayu lan unyu-unyu.
Nanging, gandheng kesadaran yen imunisasi iku penting kanggo Balita, ibu-ibu mau pada mbudidaya amrih supaya anak-anake tetep diimunisasi. Nangis sedhela ora papa, sing penting si bocah bebas saka penyakit polio, campak, lan sakpanunggalane.
Salah sijine ibu-ibu sing padha teka nang ngomahe Bu Bayan nggawa anak balitane, ana salah siji sing termasuk ibu muda. Jenenge Rahayu, lan biyasa diceluk Yayuk. Umure lagi 22 tahun lan wis nduwe anak cilik umur 9 sasi.
Anake Yayuk wedok. Dasar simboke ayu, anake Yayuk ya, ketok mencorong dhewe lan dadi pusat perhatian wong-wong sing wis padha kumpul. Wong-wong mau padha rebutan ngliling, lan seneng banget yen si bocah bayi mau gelem ngguyu.