Mohon tunggu...
Sri Wintala Achmad
Sri Wintala Achmad Mohon Tunggu... Penulis - Biografi Sri Wintala Achmad

SRI WINTALA ACHMAD menulis puisi, cerpen, novel, filsafat dan budaya Jawa, serta sejarah. Karya-karya sastranya dimuat di media masa lokal, nasional, Malaysia, dan Australia; serta diterbitkan dalam berbagai antologi di tingkat daerah dan nasional. Nama kesastrawannya dicatat dalam "Buku Pintar Sastra Indonesia", susunan Pamusuk Eneste (Penerbit Kompas, 2001) dan "Apa dan Siapa Penyair Indonesia" (Yayasan Hari Puisi Indonesia, 2017). Profil kesastrawanannya dicatat dalam buku: Ngelmu Iku Kelakone Kanthi Laku (Balai Bahasa Yogyakarta, 2016); Jajah Desa Milang Kori (Balai Bahasa Yogyakarta, 2017); Menepis Sunyi Menyibak Batas (Balai Bahasa Jawa Tengah, 2018). Sebagai koordinator divisi sastra, Dewan Kesenian Cilacap periode 2017-2019.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Mendung ing Langit Mbangkangkung

12 Juni 2019   08:36 Diperbarui: 12 Juni 2019   08:53 12790
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
http://vsikudahsyat.blogspot.com

Bongsor de Lappo iku jenenge. Wong lanang kesrakat kang lagi mujur nasibe. Amarga labuh-labete kang tanpa pepindhan marang sadengah wong, Bongsor kasil dadi bupati ing Kabupaten Randugimbal. Aneh pancen. Nanging, kaya mengkono kasunyatane.

Setaun lawase Bongsor nyekel panguwasa ing Kabupaten Randugimbal, akeh proyek pembangunan kawujutake. Perumahan-perumahan elit dibangun ing peperengan gunung kang isih seger hawane lan bening banyune. Hotel-hotel bintang lima, mal-mal, sartane supermarket-supermarket dibangun satengahe kutha. Pabrik-pabrik sartane minimarket-minimarket dibangun ing pradesan.

Amarga sakehe pembangunan iku, wong-wong cilik padha celathu menawa Bongsor wus minger keblate. Kang Kemproh misuh, "Pancen semprul! Bongsor wus dadi begundhale kapitalis." Yu Srendel ora keri, "Bupati gemblung kuwi kudu melu tanggung jawab marang kali-kali kang keracunan uwuh plastik lan limbah kimia."

Ora mung Kang Kemproh lan Yu Srendel kang tansah misuh menawa mikirke tumindake Bongsor, nanging uga Lik Dulkemit, Mbah Semprong, Pakde Bowang, lan Dik Juminten. Mulane, dheweke kabeh tansah dedonga muga-muga Bongsor enggal lengser saka kursi kalungguhane.

***


Srengenge angslup ing bang kulon. Wong-wong Kampung Bang Kangkung kang nembe wae adus sawuse mulih saka sawah iku padha lelungguhan sangarepe televisine dhewe-dhewe. Nglelipur pikir kang peteng dhedhet lelimengan. Tanduran parine wong-wong iku kang lagi wae dicebloke padha alum. Kilenan banyu kang kecampuran limbah pabrik.

"Iki merga pokale Bah Long Kek," kumecape Yu Srendel marang Kang Kemproh bojone ing ruwang keluwarga. "Juragan pabrik deterjen kang buwang limbah pabrike sakepenake wudele dhewe neng kali."

"Ora mung Bah Long Kek, nanging uga Bongsor kang wus ngidini Bah Long Kek bangun pabrik deterjen ing pinggir kampunge dhewe iki."

"Kudu dhemo, Kang!"

"Sarujuk."

"Aku ora sarujuk." Pakde Sranta, bapakne Kang Kemproh bengok sora saka ruwang tamu. "Ora perlu dhemo. Senajan suwaramu sero, nanging ora bakal digubris. Bah Long Kek kuwi sugih dhuwit. Dheweke kuwat bayar sewu preman kanggo bungkem swaramu."

Kang Kemproh lan Yu Srendel mung padha sawang-sinawang sawuse krungu kandhane Pakde Sranta. Ora ana tembung-tembung kang kumecap saka lathine. Amung swarane pawarta saka salah sawijine stasiun televisi swasta nasional. Pawarta kang mawartake menawa Bupati Bongsor De Lappo ditangkep KPK ing kantor kerjane sawuse kadakwa nampa suap 1,3 milyar saka Bah Long Kek. Krungu pawarta iku, Kang Kemproh lan Yu Srendel sanalika bengok sora, "Sukur!"

Ora mung Kang Kemproh lan Yu Srendel kang rumangsa lega sawuse Bongsor De Lappo ketangkep KPK, nanging uga wong-wong ing Kampung Bang Kangkung. Mulane kabeh padha rela ngetoke ragat kanggo sukuran sawuse Bongsor kapecat saka jabatan bupatine.

***

Ing pelataran omahe Pak Jomar, Ketua RT 01 Kampung Bang Kangkung, wong-wong padha kumpul saperlu ngesokake rasa sukur marang Gusti-ne sawuse Bongsor De Loppa mlebu ing pakunjaran. Bubar dedonga bebarengan, adicara sukuran iku kapungkasan. Kang Kemproh, Yu Srendhel, Lik Dulkemit, Mbah Semprong, Pakde Bowang, sartane Dik Juminten padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Nanging, bocah-bocah nom isih padha keri. Dangdutan kairing lagu-lagu OM Monata nganti tumekaning gagat esuk.

Kaya dina wingi lan wingine, saperangan warga Bang Kangkung kang uripe ngendelke pametune sawah kuwi wus padha ninggalke omah sadurunge srengenge mlethek ing bang wetan. Bedholi tanduran kang alum lan ora bisa diupakara meneh amarga limbah pabrik.

"Awake dhewe mung bisa sabar, pasrah, lan narima." Mbah Semprong aweh panglipur marang Kang Kemproh kang lagi lungguh thenger-thenger sajrone gubuk. "Percaya wae, Gusti ora sare."

"Kang baku meneh...." Lik Dulkemit nimbrung. "Bongsor De Loppa wus mlebu sel. Aku uga krungu pawarta menawa Bah Long Kek wus kacidhuk KPK."

"Apa yen Bah Long Kek wus kacidhuk KPK, terus rampung perkarane?" pitakone Kang Kemproh. "Durung. Limbah pabrik bakal tetep mili ing sawah-sawah iki, Lik."  

Krungu kandhane Kang Kemproh, Lik Dulkemit lan Mbah Semprong ora bisa aweh wangsulan. Sanalika swasana ing gubuk iku ora beda swasanane kuburan tuwa kang nyenyet. Nanging, swasana nyenyet iku pecah rikala tumekane Yu Srendel kang aweh pawarta menawa Pak RT Jomar dhawuhake sakabehe kepala warga Bang Kangkung saperlu mlumpuk ing lapangan Kecamatan Randugebang. Nyemak andharane Jangkung Da Sule - wakil bupati  
Randugimbal -- kang bakal tumeka ing Randugebang rikala tabuh loro sore.

Bebarengan Lik Dulkemit, Mbah Semprong, lan Yu Srendel; Kang Kemproh ninggalke gubuk iku. Lumaku sadawane galengan. Mulih menyang omahe. Sawuse tekan ngomah, Kang Kemproh kang wus adus lan mangan sega jangan bobor sambel trasi iku banjur menyang lapangan Kecamatan Randugebang. Bebarengan rombongan warga Kampung Bang Kangkung.

***

Ora mung wong-wong Kampung Bang Kangkung, nanging uga wong-wong Kampung Karangduren, Sigramilir, Slagaima, Slaka Kemiri, Sawitwaja, lan liya-liyane padha ngumpul ing lapangan Kecamatan Randugebang. Wong-wong padha sesurakan bata rubuh sarta nyuwara bareng, "Hidup Pak Jangkung Da Sule...," sawuse pawolngan kang bakal winisuda dadi bupati ing Randugimbal iku bakal jabut idin operasine pabrik diterjen duweke Bah Long Kek kang jalari rusake tetandurane para tani.

Senajan sore iku mendhung, nanging langit katon padhang sajrone pandelengane Kang Kemproh. Mula sawuse bali menyang omah, Kang Kemproh crita marang Yu Srendel babagan Jangkung Da Sule kang bakal jabut idin operasine pabrik duweke Bah Long Kek. Krungu critane bojone, praupane Yu Srendel kaya langit kang uwal saka kemul mendhung.

"Aja padha kesusu seneng!" Pakdhe Sranta kumecap saka teras omah. "Apa kang dikandhake Wabup Jangkung kuwi lagi janji. Janji kang pungkasane mung gawe atimu sakloron ing samengkone bakal kuciwa."

Krungu kandhane Pakdhe Sranta, Kang Kemproh lan Yu Srendel sanalika kaya orong-orong kang kepenyak. Beda karo Kang Kemproh kang isih percaya marang janjine Jangkung Da Sule, Yu Srendel wiwit percaya marang kandhane Pakdhe Sranta. Jangkung ora beda panguwasa-panguwasa liyane kang bisane mung obral janji, nanging ora tau aweh kasunyatan marang wargane.

Ora mleset kang kakandhakake Pakdhe Sranta. Sawuse Jangkung Da Sule winisuda dadi bupati ing Randugimbal, lali marang janjine. Mangerteni menawa limbah pabrik tetep mili ing sawahe lan sawah-sawah liyane, Kang Kemproh mung bisa gresah. Senajan Jangkung ketangkep KPK amarga nampa suap 1,7 milyar saka direktur pabrik deterjen warisane Bah Long Kek iku, nanging Kang Kemproh ora bisa gumuyu. Ora bisa bungah atine.

***

Udakara setaun lawase, Bongsor De Lappo lan Jangkung Da Sule dadi tahanan. Ngancik taun keloro, mantan bupati lan wakil bupati Randugimbal kang ditoke saka pakunjaran itu dileboke ing RSJ Sumber Waras amarga edan. Awan-bengi, saklorone tansah nangis lan ngengleng sajrone krangkeng wesi.

Embuh apa kang jalari Bongsor De Lappo lan Jangkung Da Sule bisa metu saka krangkeng wesi. Nanging ana kang crita menawa saklorone pancen ditoke saka RSJ Sumber Waras, amarga keluwargane ora gelem tanggung jawab. Ora saguh bayar kanggo beya perawatan.

Sakawit wong-wong Kampung Bang Kangkung ora mangerteni menyang ngendi paran dan dununge Bongsor De Lappo lan Jangkung Da Sule sawuse dibuwang dening sawijine pawongan kang dibayar RSJ Sumber Waras. Nanging seminggu sadurunge Pemilukada ing Kabupaten Randugimbal, wong-wong kandha menawa saklorone manggon sakiwa-tengene Kampung Bang Kangkung.

Wong-wong Kampung Bang Kangkung padha jejingkrakan batine sawuse mangerteni menawa Bongsor Da Loppa lan Jangkung De Sule wus kajiret ukum karma. Rikala awan, saklorone turu ing omah suwung. Rikala wengi ngluru pangan. Mbrakoti kayu, wesi, beling, lan kerdhus. Ngopkopi banyu kang kecampuran limbah pabrik.

Senajan wong-wong Kampung Bang Kangkung -- Yu Srendel, Lik Dulkemit, Mbah Semprong, Pakde Bowang, Dik Juminten, lan liya-liyane -- padha suka pari suka sawuse Bongsor Da Loppa lan Jangkung De Sule nampa paukuman kang murwat saka Gustine, nanging batine Kang Kemproh isih ginubel rasa was sumelang. Amarga bupati lan wakil bupati kang bakal tumeka durung mesthi dumadi angin gedhe. Bingkas mendhung kandel kang angendanu. Rapet angemuli langit Bang Kangkung. [Sri Wintala Achmad]

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun