Ki Sura Bangah tan bisa suwala, rikala dheweke sineret dening kethek putih kuwi tumuju plataran. Sarandhune badane kajuwing-juwing nganti tatu arang kranjang. Wetenge kabrakot nganti ususe sumuntak sadhuwuring lemah. Janggane kabrakot nganti sirah pinisah saka gembung.
Wayah esuk, Kalurahan Wukirpralaya digegerke marang patine Ki Sura Bangah kang nyala wadi. Tumrap Ki Badramaya, patine lurah kang duweni watak culika kuwi ora agawe gumun. Apa maneh rikala wong-wong samya alok. Menawa saben wayah wengi, plataran daleme lurah kuwi tansah kasaba kewan kang sesirah celeng, apawak srenggala, lan asuku macan. Melung-melung kaya wong siniksa genine naraka kang tansah jaluk pitulungan.
-Sri Wintala Achmad-

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI